Swédia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Konungariket Sverige
Motto: - 1
Lagu kabangsanDu gamla, Du fria
(basa Swedia: "Panjenengan kang Tua, Panjenengan kang Bebas")
Ibu kutha
and largest city
Stockholm
Basa resmi - 2
Pamaréntahan Monarki konstitusional,
Parlementer
 - 
Raja
Carl XVI Gustaf
 -  Perdana Mentri Fredrik Reinfeldt
Konsolidasi
 -  Banyu (%) 8,67%
Pedunung
 -  2004 estimate 9.006.405 (84)
 -  2002 census 8.940.788 (perk.)
PDB (KKB) 2005 estimate
 -  Total $267 milyar (34)
 -  Per capita $29.544 (13)
Valuta Krona Swedia (SEK)
Zona wektu CET (UTC+1)
 -  Summer (DST) CEST (UTC+2)
Kodhe tilpun 46
Internet TLD .se

Krajan Swedia utawa Konungariket Sverige jroning Basa Swedia yakuwi sawijining negara Nordik ing Skandinavia, Eropah kang ibukuthané Stockholm. Negara iki wewatesan karo Norwegia ing sisih kulan lan Finlandia ing sisih lor-wétan, Selat Skagerrak lan Selat Kattegat ing sisih kidul-kulon, sarta Laut Baltik lan Teluk Bothnia ing sisih wétan.

Ana ing taun 1995 Swedia gabung jroning Uni Eropah nanging nganti saiki Swedia isih durung gabung jroning Persatuan Moneter Eropa. Swedia klebu negara maju lan rakyaté nampa pelayanan publik kang apik.

Kapadetan pedunung Swedia endhèk banget, séjéné ing daerah metropolitan. Ora ana basa resmi nanging sacara de facto, basa resminé yakuwi basa Swedia utawa Svenska ditambah 5 basa minoritas liyané.

Swedia minangka salah sawijining negara paling miskin ing Eropah ing abad ka-19, disebabaké déning konsumsi alkohol kang dhuwur lan dogmatik Protestanisme. Kahanan mau owah nalika transportasi lan komunikasi berkembang ngidinaké pemanfaatan aset alam saka sawetara bagéyan negara, kang misuwur yakuwi kayu lan bijih wesi. Saiki, negara iki diarani liberal lan pepénginan kanyamaan kang kuat, lan biasané ana ing urutan nduwur ana ing Indeks Pengembangan Manusia PBB.

Ibukutha negara penghasil mobil Volvo iki yakuwi Stockholm. Pedunungé sangang yuta jiwa manggoni luwih saka 440.000 km² saéngga negara iki dadi urutan ka-155 jroning kapadetan pedunung ing donya.

Politik[sunting | sunting sumber]

Swedia wis dadi nagara karajan suwéné mèh sak milenium. Sistem perpajakané diatur déning Riksdag (parlemen). Riksdag dumadi saka empat majelis, yakuwi saka wakil-wakil patang kategori: masyarakat awam, bangsawan, klerik, lan townsmen, nganti taun 1866 nalika Swedia dadi monarki konstitusional kanthi parlemen bikameral. Majelis pisanané dipilih langsung jroning pemilihan nasional saben patang taun.

Geografi[sunting | sunting sumber]

Daerah Swedia dumunung ing belahan bumi lor lan ing sisih lor, ana wilayah sing dumunung ana ing tlatah Lingkaran Arktik nanging nduwé iklim sedang.

Ing sisih wétan, wilayahé diwatesi Laut Baltik lan Teluk Bothnia. Watesé ing sisih kulon karo Norwegia arupa Pegunungan Skandinavia. Kapadetan pedunung cenderung luwih dhuwur ing daerah kidul kang mayoritas agrikultur lan tansaya ngalor, alasé tansaya kandel.

Demografi[sunting | sunting sumber]

Tanggal 12 Agustus 2004, populasi Swedia nggayuh angka 9 yuta jiwa lan nduwèni tingkat harapan hidup kang dhuwur dibanding karo negara-negara umumé. Pedunung asliné yakuwi Wong Sami. Sebagéyan gedhé warga Finn Swedia arupa migran utawa keturunan pendatang saka abad ka-20 nanging ana watara 50.000 suku Finn asli kang dadi salah siji minoritas ing Swedia.

Sawisé Perang Dunia II, Swedia akèh nampa migran utamané amarga perang ing negara liya kayadéné saka Irak, Iran, Yugoslavia, lan Palestina sarta wong-wong Amerika Serikat kang ora mèlu Perang Vietnam. Nanging, kelompok imigran paling gedhé yakuwi suku Finn saka Finlandia.

Uga pirsani[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]



 
Uni Eropah (EU)
Gendéra Uni Eropah

Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Swédia&oldid=812454"