Banyu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Banyu ing telung fase: cuwèr, padhet, lan gas (minangka méga).

Banyu iku senyawa kang wigati kanggo kabèh wangun kauripan kang dikawruhi nganti tekan saiki ing bumi,[1][2][3] nanging ora ing planèt liya.[4] Banyu disimbolaké kanthi H2O.[5] Cacahé banyu kang nutupi bumi ngancik 71%. Ana 1,4 triliun kilometer kubik (330 juta mil³) ing bumi.[6]

Banyu bisa awujud gas (uap banyu), cuwèr (banyu) lan padhet (ès).[7] Banyu iku siji-sijiné dat kang sacara alami ana ing lumahing bumi jroning katelu wujud mau.[8] Banyu sebagéyan gedhé ana ing segara (banyu asin) lan ing lapisan-lapisan ès (ing kutub lan pucuk-pucuk gunung), nanging uga bisa ana minangka méga, udan, kali, lumahing banyu tawa, tlaga, uap banyu, lan segara ès. Banyu jroning obyèk-obyèk kasebut obah miturut sawijiné siklus banyu, yaiku: liwat panguapan, udan, lan ilènan banyu ing sandhuwuré lumahing lemah (runoff, kalebu tuk, kali, muara) nuju segara.

Banyu resik wigati kanggo kauripan manungsa. Sembrana anggoné nangani banyu, bisa ndadèkaké golèk banyu dadi angèl, monopolisasi, sarta privatisasi lan malah njalari crah.[9]

Indonésia wis duwé undhang-undhang kang ngatur sumber daya banyu wiwit taun 2004, yaiku Undhang Undhang nomer 7 taun 2004 ngenani Sumber Daya Banyu.

Saliyané ing bumi, sapérangan gedhé banyu uga diprakirakaké ana ing kutub lor lan kidul planèt Mars, sarta ing mbulan Europa lan Enceladus.

Sifat-sifat kimia lan fisika[sunting | sunting sumber]

Banyu
Dhimènsi lan struktur géomètri sawijining molekul banyu.Modhèl ruwang-kaisi nggambaraké struktur molekul banyu.
Informasi lan sifat-sifat
Jeneng sistematis banyu
Jeneng alternatif aqua, dihidrogen monoksida,
Hidrogen hidroksida
Rumus molekul H2O
Massa molar 18.0153 g/mol
Densitas lan fase 0.998 g/cm³ (cuwèran ing suhu 20 °C)
0.92 g/cm³ (padhetan)
Titik lebur 0 °C (273.15 K) (32 °F)
Titik didih 100 °C (373.15 K) (212 °F)
Kalor jenis 4184 J/(kg·K) (cuwèran ing suhu 20 °C)
Kaca data tambahan
Disclaimer and references
Artikel utama: Banyu (molekul)

Banyu iku substansi kimia kanthi rumus kimia H2O: siji molekul banyu kasusun saka rong atom hidrogen sing kaiket sacara kovalen marang siji atom oksigen. Banyu asifat ora duwé warna, ora ana rasané lan ora mambu ing kahanan standhar, yaiku ing tekanan 100 kPa (1 bar) lan suhu 273,15 K (0 °C). Dat kimia iki arupa sawijiné pelarut sing wigati, sing duwé kemampuan kanggo nglarutaké akèh dat kimia liyané, kayata garam-garam, gula, asam, sapérangan jinis gas lan akèh manéka molekul organik.

Kahanan banyu sing wanguné cuwèr arupa sawijiné kahanan sing ora umum jroning kahanan normal, luwih-luwih manèh kanthi nggatèkaké gegandhèngan antarané hidrida-hidrida liya sing mèmper jroning kolom oksigen ing tabèl periodik, sing ngisarataké yèn banyu kuduné awangun gas, kayadéné hidrogen sulfida. Kanthi nggatèkaké tabèl periodik, katon yèn unsur-unsur sing ngupengi oksigen yaiku nitrogen, flor, lan fosfor, sulfur lan klor. Kabèh èlemèn-èlemèn iki yèn silih iketan karo hidrogen bakal ngasilaké gas ing suhu lan tekanan normal. Alesan witékna ngapa hidrogen silih iketan karo oksigen mbentuk fasa mawa kahanan cuwèr, yaiku amarga oksigen luwih asifat èlèktronégatif tinimbang èlemèn-èlemèn liya kasebut (kejaba flor). Tarikan atom oksigen marang èlèktron-èlèktron iketan adoh luwih kuwat tinimbang sing dilakokaké déning atom hidrogen, ninggalaké gunggung muatan positif ing keloro atom hidrogen, lan gunggung muatan négatif ing atom oksigen. Anané muatan ing saben atom kasebut agawé molekul banyu duwé sapérangan momen dipol. Gaya silih tarik listrik antar molekul-molekul banyu akibat anané dipol iki agawé saben molekul silih cerak, njalari angèl kanggo dipisahaké lan sing akiré ngunggahaké titik didih banyu. Gaya silih tarik iki disebut minangka ikatan hidrogen.

Banyu asring disebut minangka pelarut universal amarga banyu nglarutaké akèh dat kimia. Banyu ana jroning kasetimbangan dhinamis antarané fase cuwèr lan padhet ing sangisoré tekanan lan suhu standhar. Jroning wangun ion, banyu bisa didhèskripsikaké minangka sawijiné ion hidrogen (H+) sing silih asosiasi (silih iketan) karo sawijiné ion hidroksida (OH-).

Dhuwuré konsèntrasi kapur kalarut agawé werna banyu saka Grojogan Havasu katon awerna turquoise.

Èlèktrolisis banyu[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Èlèktrolisis banyu

Molekul banyu bisa diurai dadi unsur-unsur asalé kanthi diilèni arus listrik. Prosès iki disebut èlèktrolisis banyu. Ing katoda, loro molekul banyu ngalami réaksi kanthi nangkep loro èlèktron, karéduksi dadi gas H2 lan ion hidrokida (OH-). Sauntara iku ing anoda, loro molekul banyu liya kaurai dadi gas oksigen (O2), nguwalaké 4 ion H+ sarta ngilèkaké elektron menyang katoda. Ion H+ lan OH- ngalami nétralisasi saéngga kawangun manèh sapérangan molekul banyu. Réaksi sakabèhé sing setara karo èlèktrolisis banyu bisa ditulisaké kaya mangkéné.

      \mbox{ }2H_{2}O(l) \rightarrow 2H_{2}(g) + O_{2}(g)\,

Gas hidrogen lan oksigen sing diasilaké saka réaksi iki mbentuk gelembung ing èlèktroda lan bisa diklumpukaké. Prinsip iki banjur dimupangataké kanggo ngasilaké hidrogen lan hidrogen peroksida (H2O2) sing bisa digunakaké minangka bahan bakar kendharaan hidrogen.[10][11][12]

Kalarutan (solvasi)[sunting | sunting sumber]

Banyu iku pelarut sing kuwat, nglarutaké akèh jenis dat kimia. Dat-dat sing campur lan larut kanthi becik jroning banyu (upamané garam-garam) disebut minangka dat-dat "hidrofilik" (panyeneng banyu), lan dat-dat sing ora gampang kacampur karo banyu (upamané lemak lan lenga), disebut minangka dat-dat "hidrofobik" (wedi-banyu). Kalarutan sawijiné dat jorning banyu ditemtokaké déning bisa orané dat kasebut nandhingi kakuwatan gaya silih tarik listrik (gaya intermolekul dipol-dipol) antarané molekul-molekul banyu. Yèn sawijining dat ora bisa nandhingi gaya silih tarik antar molekul banyu, molekul-molekul dat kasebut ora larut lan bakal ngendhep jroning banyu.

Butir-butir embun nèmpèl ing jaring angga-angga.

Kohèsi lan adhèsi[sunting | sunting sumber]

Banyu nèmpèl marang pepadhané (kohesi) amarga banyu asifat polar. Banyu duwé sapérangan muatan parsial négatif (σ-) cerak atom oksigen akibat pasangan èlèktron sing (mèh) ora digunakaké bebarengan, lan sapérangan muatan parsial positif (σ+) cerak atom oksigen. Jroning banyu babagan iki dumadi amarga atom oksigen asipat luwih èlèktronégatif dibandhingaké atom hidrogen—sing tegesé, dhèwèké (atom oksigen) nduwèni luwih "kakuwatan tarik" marang èlèktron-èlèktron sing diduwéni bebarengan jroning molekul, narik èlèktron-èlèktron luwih cerak menyang arahé (uga ateges narik muatan négatif èlèktron-èlèktron kasebut) lan agawé dhaérah ing sakupengé atom oksigen mawa muatan luwih négatif ketimbang dhaérah-dhaérah ing sakupengé kaloro atom hidrogen.

Banyu uga nduwèwi sifat adhési sing dhuwur disebabaké déning sifat alami ka-polar-ané.

Tegangan permukaan[sunting | sunting sumber]

Tegangan permukaan banyu njalari anggang-anggang ora klelep.

Banyu duwé tegangan permukaan sing gedhé sing disebabaké déning kuwaté sifat kohèsi antar molekul-molekul banyu. Iki bisa diamati nalika sebagéyan cilik banyu dipapanaké jroning sawijiné lumahan sing ora bisa ditelesi utawa kalarutaké (non-soluble); banyu mau bakal ngumpul minangka sawijiné tètèsan. Ing ndhuwur sawijiné lumahan gelas sing resik banget utawa mawa lumahan alus banget, banyu bisa mbentuk sawijiné lapisan tipis (thin film) amarga gaya tarik molekular antarané gelas lan molekul banyu (gaya adhèsi) luwih kuwat tinimbang gaya kohèsi antar molekul air.

Jroning sèl-sèl biologi lan organèl-organèl, banyu silih dumuk karo mèmbran lan lumahan protein sing asifat hidrofilik; yaiku, lumahan-lumahan sing duwé daya tarik kuwat marang banyu. Irvin Langmuir ngamati sawijining gaya tolak sing kuwat antarné lumahan-lumahan hidrofilik. Kanggo nglakokaké dhéhidrasi sawijiné lumahan hidrofilik — jroning teges ngeculaké lapisan sing kaiket kanthi kuwat saka hidrasi banyu — perlu dilakokaké usaha temenanan nglawan gaya-gaya iki, sing diarani gaya-gaya hidrasi. Gaya-gaya mau gedhé banget pangajiné nanging ngluruh kanthi cepet jroning rentang nanomèter utawa luwih cilik. Wigatiné gaya-gaya iki jroning biologi wis disinaoni sacara èkstènsif déning V. Adrian Parsegian saka National Institute of Health.[13] Gaya-gaya iki wigati utamané nalika sèl-sèl kadhéhidrasi silih dumuk langsung karo ruwang njaba sing garing utawa pangadheman ing njaba sèl (extracellular freezing).

Banyu jroning kauripan[sunting | sunting sumber]

Kauripan ing njero segara.

Saka pandelengan biologi, banyu duwé sifat-sifat sing wigati kanggo anané kauripan. Banyu bisa mijilaké réaksi sing bisa gawé senyawa organik ngakokaké réplikasi. Kabèh mahluk urip sing dikawruhi duwé gegantungan marang banyu. Banyu arupa dat pelarut sing wigati kanggo mahluk urip lan arupa bagéyan wigati jroning prosès metabolisme. Banyu uga dibutuhaké jroning fotosintesis lan respirasi. Fotosintesis migunakaké cahya srengéngé kanggo misahaké atom hidrogen karo oksigen. Hidrogen bakal digunakaké kanggo mbentuk glukosa lan oksigen bakal diculaké menyang udara.

Makluk banyu[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Hidrobiologi

Lumahing banyu ing bumi dikebaki déning manéka jenis kauripan. Kabèh mahluk urip pisanan ing bumi iki asalé saka lumahing banyu. Mèh kabèh iwak urip ing njero banyu, saliyané iku, mamalia kayata lumba-lumba lan iwak paus uga urip ing njero banyu. Kéwan-kéwan kayata amfibi ngentèkaké sebagéyan uripé ing njero banyu. Malah, sapérangan reptil kayata ula lan baya urip ing lumahing banyu cethèk lan segara. Tetanduran segara kayata alga lan suket laut dadi sumber panganan ékosistem lumahing banyu. Ing samudra, plankton dadi sumber pangan utama para iwak.

Banyu lan manungsa[sunting | sunting sumber]

Peradaban manungsa lestari nurut sumber banyu. Mesopotamia sing diarani minangka awal peradaban ana ing antarané kali Tigris lan Euphrates. Peradaban Mesir Kuna gumantung ing kali Nil. Punjer-punjer manungsa sing gedhé kayata Rotterdam, London, Montreal, Paris, New York City, Shanghai, Tokyo, Chicago, lan Hong Kong antuk kajayané sebagéyan amarga gampangé aksès liwat lumahing-limahing banyu.

Banyu kanggo ngombé[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Banyu ombèn

Awak manungsa kapérang saka 55% nganti 78% banyu, gumantung saka ukuran awak.[14] Supaya bisa fungsi kanthi becik, awaké manungsa mbutuhaké antarané siji nganti pitung liter banyu saben dina kanggo ngèndhani dehidrasi; gunggung pesthiné gumantung marang tingkat aktivitas, suhu, kalembaban, lan sapérangan faktor liyané. Saliyané saka banyu ngombé, manungsa éntuk cuwèran saka panganan lan ombénan liya. Sebagéyan gedhé wong percaya yèn manungsa mbutuhaké 8–10 gelas (watara rong liter) saben dina,[15] nanging asil penlitèn sing diterbitaké Universitas Pennsylvania nalika taun 2008 nuduhaké yèn konsumsi 8 gelas mau ora kabukti mbantu akèh jroning nyehataké awak. [16] Malah sok-sok kanggo sapérangan wong, yèn ngombé banyu luwih akèh utawa kaluwihan saka sing dianjuraké bisa nyebabaké katergantungan. Literatur médhis liyané nyaranaké konsumsi saliter banyu saben dina, kanthi tambahan yèn olahraga utawa nalika cuaca sing panas.[17]

Pelarut[sunting | sunting sumber]

Pelarut digunakaké sadina-dina kanggo ngumbahi, contoné ngumbah awak manungsa (adus), sandhangan, jogan, montor, panganan, lan kéwan. Saliyané iku, limbah rumah tangga uga digawa déning banyu liwat saluran pambuwangan. Ing negara-negara indhustri, sebagéyan gedhé banyu kagunakaké minangka pelarut.

Banyu bisa dadi fasilitas prosès biologi sing nglarutaké limbah. Mikroorganisme sing ana ing njero banyu bisa mbantu mecah limbah dadi dat-dat kanthi tingkat polusi sing luwih asor.

Zona biologis[sunting | sunting sumber]

Banyu arupa cuwèran singular, amarga kapasitasé kanggo mbentuk jaringan molekul 3 dhimènsi mawa ikatan hidrogen sing mutual. Iki disebabaké amarga saben molekul banyu duwé 4 muatan fraksional kanthi arah tetrahedron, 2 muatan positif saka kaloro atom hidrogen lan loro muatan négatif saka atom oksigen.[18] Akibaté, saben molekul banyu bisa mbentuk 4 ikatan hidrogen karo molekul ing sakupengé. Minangka conto, sawijining atom hidrogen sing manggon ing antarané loro atom oksigen, bakal mbentuk siji ikatan kovalen karo siji atom oksigen lan siji ikatan hidrogen karo atom oksigen liyané, kaya sing dumadi ing ès. Owah-owahan dhènsitas molekul banyu bakal mangaruhi kamampuané kanggo nglarutaké partikel. Amarga sifat muatan fraksional molekul, umumé, banyu arupa dat pelarut sing apik kanggo partikel mawa muatan utawa ion, nanging ora kanggo senyawa hidrokarbon.

Konsèp ngenani sèl minangka larutan sing kebuntel membran, pisanan disinaoni déning èlmuwan Rusia sing jenengé Troschin nalika taun 1956. Nalika monografé, Problems of Cell Permeability, tesis Troschin nélakaké yèn partisi larutan sing dumadi antarané lingkungan intraselular lan èkstraselular ora mung ditemtokaké déning permeabilitas membran, nanging dumadi akumulasi larutan tinentu ing njero protoplasma, saéngga mbentuk larutan gèl sing béda karo banyu murni.

Nalika taun 1962, Ling liwat monografé, A physical theory of the living state, njlèntrèhaké yèn banyu sing kakandhut ing njero sèl ngalami polarisasi dadi lapisan-lapisan sing nylimuti lumahing protèin lan arupa pelarut sing ala kanggo ion. Ion K+ diserep déning sèl normal, sebab gugus karboksil saka protèin cenderung kanggo narik K+ tinimbang ion Na+. Téori iki, ditepungi minangka hipotesis induksi-asosiasi uga njlèntrèhaké ora anané kompa kation, ATPase, sing kaiket ing mèmbran sèl, lan distribusi kabèh larutan ditemtokaké déning kombinasi saka gaya silih tarik antarané saben protèin kanthi modhifikasi sifat larutan banyu jroning sèl. Asil saka pangukuran NMR pancèn nuduhaké mudhuné mobilitas banyu ing njero sèl nanging kanthi cepet kadifusi karo molekul banyu normal. Iki banjur ditepungi minangka modhèl two-fraction, fast-exchange.

Anané kompa kation sing diobahaké déning ATP ing mèmbran sèl, terus dadi bahan perdebatan, bebarengan karo perdebatan ngenani karakteristik cuwèran ing njero sitoplasma lan banyu normal umumé. Argumèntasi paling kuwat sing nentang téori ngenani jenis banyu sing khusus ing njero sèl, asalé saka kalangan ahli kimiawan fisis. Para ahli mau duwé pendhapat yèn banyu ing njero sèl ora mungkin béda karo banyu normal, saéngga owah-owahan struktur lan karakter banyu intrasélular uga bakal dialami karo banyu èkstraselular. Pendhapat iki didhasaraké marang pamikiran yèn, senajan yèn kompa kation bener ana kaiket ing mèmbran sèl, kompa kasebut mung nyiptakaké kasetimbangan osmotik sélular sing misahaké siji larutan saka larutan liya, nanging ora kanggo banyu. Banyu disebut duwé kasetimbangan dhéwé sing ora bisa diwatesi déning mèmbran sèl.

Para ahli liya sing duwé pendhapat yèn banyu ing njero sèl béda banget karo banyu umumé. Banyu sing dadi ora bébas obah amarga pangaruh lumahing ionik, disebut minangka banyu mawa iket (Basa Inggris: bound water), éwadéné banyu sanjaban jangkowan pangaruh ion kasebut diarani banyu bébas (Basa Inggris: bulk water).

Banyu kaiket bisa énggal nglarutaké ion, amarga saben jinis ion bakal énggal katarik déning saben muatan fraksional molekul banyu, saéngga kation lan anion bisa ana cecedhakan tanpa kudu mbentuk garam. Ion luwih gampang kahidrasi déning banyu sing réaktif, padhet kanthi iketan ora kenceng, tinimbang banyu inert ora padhet kanthi daya ikat kuwat. Iki nyiptakaké zona banyu, minangka conto, kation cilik sing kahidrasi banget bakal cenderung kaakumulasi ing fase banyu sing luwih padhet, éwadéné kation sing luwih gedhé bakal cenderung kaakumulasi ing fase banyu sing luwih renggang, lan nyiptakaké partisi ion kaya sérial Hofmeister ing ngisor iki:

Mg2+ > Ca2+ > H+ >> Na+
NH+ > Cs+ > Rb+ > K+
ATP3- >> ATP2- = ADP2- = HPO42-
I- > Br- > Cl- > H2PO4-

cathetan

  • dhènsitas banyu kaiket tansaya dhuwur menyang arah tengen.

Interaksi antarané molekul banyu kaikat lan gugus ionik diasumsikaké dumadi ing rentang let sing cendhak, saéngga atom hidrogen kaorièntasi menyang arah anion lan nyandhet interaksi antarané populasi banyu kaiket karo banyu bébas. Orièntasi molekul banyu kaiket tansaya winates lumahing molekul polielektrolit mawa muatan négatif antara liya DNA, RNA, asam hialorunat, kondroitin sulfat, lan jinis biopolimèr kanthi muatan liya. Energi elektrostatik antarané molekul biopolimer mawa muatan padha sing silih dhesek bakal nyiptakaké gaya hidrasi sing nyurung molekul banyu bébas metu saka njero sitoplasma.

Umumé, konsènstrasi larutan polièlèktrolit sing cukup dhuwur bakal mbentuk gèl. Umpamané gèl agarose utawa gèl saka asam hialuronat sing ngandhut 99,9% banyu saka total bobot gèl. Ketahané molekul banyu ing njero struktur kristal gèl arupa salah siji conto kacenderungan alami saben komponèn saka sawijining sistem kanggo campur kanthi rata. Molekul banyu bisa ucul saka gèl minangka rèspon saka tekanan udara, paningkatan suhu utawa liwat mékanisme panguwapan, nanging kanthi mudhuné rasio kandhutan banyu, daya iket ionik sing dumadi antarané molekul dat kalarut sing nahan molekul banyu bakal tansaya kuwat.

Senajan mangkoko, panyerakan ionik kaya iki isih durung bisa njelasaké sapérangan fénoména anomali larutan kayadéné,

Fénoména anomali larutan iki dianggep dumadi ing rentang let adoh sing ana ing njaba dhomain panyerakan ionik.

Ènèrgi ing molekul banyu dadi dhuwur amarga iketan hidrogen sing diduwèni dadi ora maksimal, kayadéné nalika molekul banyu ana saceraking lumahan utawa gugus hidrokarbon. Senyawa hidrokarbon banjur diarani asifat hidrofobik sebab ora mbentuk iketan hidrogen karo molekul banyu. Daya iket hidrogen ing kahanan iki bakal nembus sapérangan zona banyu lan partisi ion, saéngga disebutaké yèn minangka karakter banyu ing rentang let adoh. Ing rentang iki, molekul garam kayadéné Na2SO4, sodium asetat lan sodium fosfat bakal nduwèni kacenderungan kanggo kaurai dadi kation Na+ lan anioné.

Banyu jroning kasenian[sunting | sunting sumber]

"Ombak Gedhé Lepas Pesisir Kanagawa." déning Katsushika Hokusai, lukisan sing asring digunakaké minangka palukisan sawijining tsunami.
Artikel utama: Air jroning kasenian

Jroning seni banyu disinaoni kanthi cara sing béda, banyu disajèkaké minangka sawijining èlemèn langsung, ora langsung utawa uga mung minangka simbul. Kanthi didhukung kamajuwan tèknologi fungsi lan pamupangatan banyu jroning seni wiwit owah, saka mauné pelengkap banyu wiwit mrambat dadi obyèk utama. Conto seni sing pungkasan iki, umpamané seni ilènan utawa tètèsan (sculpture liquid utawa droplet art).[19]

Seni lukis[sunting | sunting sumber]

Nalika jaman Renaisans lan sawisé iku, banyu diréprésentasikaké luwih réalistis. Akèh artis nggambaraké banyu jroning wangun obah - sawijining ilènan banyu utawa kali, sawijining segara sing turbulensi, utawa malah grojogan - ananging akèh uga saka artis-artik iku sing seneng karo obyèk-obyèk banyu sing anteng, meneng - tlaga, kali sing mèh ora mili, lan lumahing segara sing ora ngombak. Jroning saben kasus iki, banyu nemtokaké swasana (mood) kabèh karya seni mau,[20] kayata umpamané jroning Birth of Venus (1486) karya Botticelli[21] lan The Water Lilies (1897) karya Monet.[22]

Fotografi[sunting | sunting sumber]

Selaras karo majuning tèknologi jroning seni, banyu wiwit njupuk papan jroning babagan seni liya, umpamané jroning fotografi. Senajan ana banyu ora duwé teges khusus ing kéné lan mung duwé peran minangka èlemèn palengkap, nanging banyu bisa digunakaké jroning mèh kabèh cabang fotografi: wiwit saka fasion nganti landsekap. Motrèt banyu minangka èlemèn jroning obyèk mbutuhaké pananganan khusus, wiwit saka filter circular polarizer sing migunani kanggo ngilangaké réflèksi, nganti pamupangatan tèknik long exposure, sawijining tèknik fotografi sing ngandhalaké bukaan rana alon kanggo ngripta èfèk lembut (soft) ing lumahing banyu.[23]

Seni tètèsan banyu[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Seni tètèsan banyu

Kaéndahan tètèsan banyu sing mecah lumahing banyu sing ana ing sangisoré dilestarèkaké kanthi manéka sentuhan tèknik lan rasa ndadèkaké sawijining karya seni sing èndah, kayadéné sing disajèkaké déning Martin Waugh jroning karyané Liquid Sculpture, sawijining antologi sing wis madonya.[24]

Seni tètèsan banyu ora mandheg tekan kéné, kanthi pamupangatan tèknik pangaturan marang tibané tètèsan banyu sing malar, tètèsan-tètèsan banyu bisa diowahi samengkono rupané saéngga tètèsan-tètèsan mau minangka sawijining kamanunggalan duwé fungsi minangka sawijining penampil (viewer) kaya déné tampilan komputer. Kanthi ngatur-atur ukuran lan gunggung tètèsan sing bakal diliwataké, bisa sawijining gambar ditampilaké déning tètèsan-tètèsan banyu sing tiba. Èmané gambar iki mung asifat sauntara, tekan titik sing dikarepaké tiba nggayuh bagéyan ngisor penampil.[25] Komersialisasi karya jenis iki uga jroning wangun résolusi sing luwih kasar wis akèh dilakokaké.[26][27]

Rujukan[sunting | sunting sumber]

Artikel rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (en) Philip Ball, Water and life: Seeking the solution, Nature 436, 1084-1085 (25 August 2005) | doi:10.1038/4361084a
  2. ^ (en) Water - The Essential Substance, Experimental Lakes Area, University of Manitoba
  3. ^ What are the Essential Ingredients of Life?, Natural History Museum, California Academy of Sciences
  4. ^ (en) Steven A Benner, Water is not an essential ingredient for Life, scientists now claim, SpaceRef.com, uplink.space.com
  5. ^ (en)[Michael Kwan, Prototype car runs 100 miles on four ounces of water as fuel, Mobile Magazine Thursday June 1, 2006 6:41 AM PDT]
  6. ^ (en) http://www.unep.org/vitalwater/01.htm
  7. ^ (en)[Peter Tyson, Life's Little Essential, NOVA, Origins, July 2004]
  8. ^ (en) Peter Tyson, Life's Little Essential, NOVA, Origins, July 2004
  9. ^ (en) H.E. Msgr. Renato R. Martino, Water, an Essential Element of Life, A Contribution of the Delegation of the Holy See on the Occasion of the third World Water Forum, Kyoto, Japan, 16th-23rd March 2003
  10. ^ (en) Michael Kwan, Prototype car runs 100 miles on four ounces of water as fuel, Mobile Magazine Thursday June 1, 2006 6:41 AM PDT
  11. ^ (en) Fuel from "Burning Water", KeelyNet 01/09/02
  12. ^ (en) Hydrogen Technologies
  13. ^ Physical Forces Organizing Biomolecules (PDF)
  14. ^ Re: What percentage of the human body is composed of water? Jeffrey Utz, M.D., The MadSci Network
  15. ^ "Healthy Water Living". BBC. http://www.bbc.co.uk/health/healthy_living/nutrition/drinks_water.shtml. Retrieved 1 February 2007.
  16. ^ "Lots of water 'is little benefit'". BBC. http://news.bbc.co.uk/2/hi/health/7326437.stm. Retrieved 6 April 2008.
  17. ^ RA Rhoades, GA Tanner (2003). Medical Physiology (second ed.). Baltimore: Lippincott Williams & Wilkins. ISBN 0781719364.
  18. ^ (en)"Role of Water in Some Biological Processes" (pdf). Department of Medicine, University of Auckland School of Medicine; PHILIPPA M. WIGGINS. http://www.ncbi.nlm.nih.gov/pmc/articles/PMC372788/pdf/microrev00039-0112.pdf. Retrieved 2010-11-09.
  19. ^ (it) Lucio V. Mandarini, "Liquide sculture", FotoCult, Novembre 2006, pagina 60-65
  20. ^ (en) Chris Witcombe, Water in Art, H2O - The Mystery, Art, and Science of Water, art.html, 21.03.2007 13:32:20
  21. ^ (en) Birth of Venus (1486), Water in art, Water Institute - Nestlé Waters M.T. 2005
  22. ^ (en) The Water Lilies cycle by Monet, Water in art, Water Institute - Nestlé Waters M.T. 2005
  23. ^ (id) Email Arief Setiawan kepada Nein Arimasen, Wed, 21 Mar 2007 09:04:07 +0700 (WIT). Arief Setiawan adalah seorang fotografer.
  24. ^ Martin Waugh, Liquid Sculpture, 2007; video DivX
  25. ^ (en) Water Droplet Art, Twiddly Bits, August 23rd, 2005 at 9:07 pm, (de) Bitfall Simulation kriegte 50% Realität, Auszeichnung für Innovation und Technik - Kunstförderpreis der Stadtwerke Halle und Leipzig, Halle, 2004
  26. ^ (en) Jeep waterfall - DIY version?
  27. ^ (en) Pictures and Video, Pevnick Design Inc.

Rujukan umum[sunting | sunting sumber]

  • (en) OA Jones, JN Lester and N Voulvoulis, Pharmaceuticals: a threat to drinking water? TRENDS in Biotechnology 23(4): 163, 2005
  • (en) Franks, F (Ed), Water, A comprehensive treatise, Plenum Press, New York, 1972-1982
  • (en) Property of Water and Water Steam w Thermodynamic Surface
  • (en) PH Gleick and associates, The World's Water: The Biennial Report on Freshwater Resources. Island Press, Washington, D.C. (published every two years, beginning in 1998.)
  • (en) Marks, William E., The Holy Order of Water: Healing Earth's Waters and Ourselves. Bell Pond Books ( a div. of Steiner Books), Great Barrington, MA, November 2001 [ISBN 0-88010-483-X]

Banyu minangka sumber daya alam alami[sunting | sunting sumber]

  • (en) Gleick, Peter H.. The World's Water: The Biennial Report on Freshwater Resources. Washington: Island Press. (November 10, 2006)| ISBN 978-1-59726-105-0]
  • Postel, Sandra (1997, second edition). Last Oasis: Facing Water Scarcity. New York: Norton Press.
  • (en) Anderson (1991). Water Rights: Scarce Resource Allocation, Bureaucracy, and the Environment.
  • (en) Marq de Villiers (2003, revised edition). Water: The Fate of Our Most Precious Resource.
  • (en) Diane Raines Ward (2002). Water Wars: Drought, Flood, Folly and the Politics of Thirst.
  • (en) Miriam R. Lowi (1995). Water and Power: The Politics of a Scarce Resource in the Jordan River Basin. (Cambridge Middle East Library)
  • (en) Worster, Donald (1992). Rivers of Empire: Water, Aridity, and the Growth of the American West.
  • (en) Reisner, Marc (1993). Cadillac Desert: The American West and Its Disappearing Water.
  • (en) Maude Barlow, Tony Clarke (2003). Blue Gold: The Fight to Stop the Corporate Theft of the World's Water.
  • (en) Vandana Shiva (2002). Water Wars: Privatization, Pollution, and Profit. ISBN 0-7453-1837-1.
  • (en) Anita Roddick, et al (2004). Troubled Water: Saints, Sinners, Truth And Lies About The Global Water Crisis.
  • (en) William E. Marks (2001). The Holy Order of Water: Healing Earths Waters and Ourselves.

Wacan terusan[sunting | sunting sumber]

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
71 % - Н2O

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Banyu&oldid=866711"