Daniel Ortega

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
José Daniel Ortega Saavedra
Daniel Ortega

Mangsa jabatan
10 Januari2007 – Sekarang
Pejabat sadurungé Enrique Bolaños
Pengganti Sedang Menjabat

Lair 11 November 1945
La Libertad, Chontales
Kabangsan Nicaragua
Partai pulitik Sandinista National Liberation Front
Pasangan Rosario Murillo

José Daniel Ortega Saavedra (lair ing La Libertad, Chontales, 11 November 1945; umur 69 taun) iku Presidhèn Nikaragua saiki.[1] Daniel Ortega iku salah siji pemimpin penting ing Front Pembebasan Nasional Sandinista (Frente Sandinista de Liberación Nacional utawa Sandinista National Liberation Front, disingkat FSLN).[1]

Daniel Ortega iku dadi pemimpin pemerintahan Marxis Nikaragua nalika taun 1985 - 1990.[1] Daniel Ortega dilantik ing upacara pelantikan presiden nalika tanggala 10 Januari 2007.[1] Acara pelantikan periode kang nomer loro ditekani karo Presiden Venezuela kang jenengé Hugo Chavez lan Presiden Bolivia kang jenengé Evo Morales.[1] Daniel Ortega ngucapaké sumpah ing Plaza Nonblok Omar Torrijos.[1] Ing alun-alun itu, Ortega ngakoni kekalahané saka Violeta Barrios de Chamorro sawise pemilu tanggal 25 Februari 1990. [1]

Ortega kanthi iklas ngeculake kekuwasaan sawisé kalah karo Violeta Barrios de Chamorro ing pemilihan umum presiden tahun 1990, ananging Daniel ortega tampil dadi tokoh oposisi ing negarané.[1] Sawisé kalah ing pemilihan umum presiden nalika taun 1996 lan 2001, Daniel Ortega menang ing pemilihan presiden 2006.[1]

Ortega lair ing kluwarga kelas menengah ing La Libertad, departemen Chontales. [2]Daniel Ortega aktif nglawan rezim Anastasio Somoza Debayle.[2] Daniel Ortega tau ditahan amarga kagiyatan politiké nalika umur 15 taun.[2] Nalika taun 1963 Daniel mlebu ing Universitas Amerika Tengah ing Managua.[2] Sawisé iku, daniel banjur nggabung karo FSLN.[2] Daniel Ortega nikah karo Rosario Murillo lan nduwe anak kang cacahé pitu.[2]

Cathetan suku[sunting | Sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i (en)"Ortega wins Nicaraguan election" (BBC)(dipunundhuh tanggal 26 Agustus 2011)
  2. ^ a b c d e f (en)britannica.com(dipunundhuh tanggal 26 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Daniel_Ortega&oldid=832365"