Menungsa
|
Manungsa utawa wong bisa dimangertèni kanthi werna-werna, yakuwi miturut biologis, rohani, lan istilah kabudayan. Miturut biologis, manungsa diklasifikasèkaké minangka Homo sapiens (Basa Latin kanggo manungsa), sawijining jinis primata saka golongan mamalia sing dipepaki nganggo utek sing duwé kemampuan dhuwur.
Ing babagan kajiwan, manungsa dijelentrèhaké nganggo konsèp jiwa sing nduwèni manéka warna, jroning agama, dimangertèni ing hubungané karo kakuwatan katuhanan utawa makhluk urip; jroning mitos, manungsa uga kerep dibandhingaké antara ras siji lan liyané. Jroning èlmu antropologi kabudayan, manungsa dijelasaké adhedhasar basané, organisasi manungsa jroning masarakat majemuk sarta tuwuhing teknologi, lan utamané adhedhasar kamampuan mbangun klompok lan lembaga kanggo dhukungan siji lan liyané sarta awèh lan nampa pitulung.
Panggolongan manungsa sing paling utama yakuwi adhedhasar jinis kelamin. Lumrahe, jinis kelamin anak sing lagi lair kuwi lanang utawa wadon. Wong enom lanang dikenal minangka putra lan sawisé ngancik diwasa dadi pria. Bocah enom wadon diarani putri lan sawisé ngancik diwasa banjur diarani wanita.
Panggolongan liyané yakuwi adhedhasar umur, wiwit saka janin, bayi, balita, bocah, nom-noman, akil balik, pemuda/i, diwasa, lan (wong) tuwa.
Saliyané kuwi isih akèh panggolongan-panggolongan liyané, adhedhasar ciri-ciri fisik (werna kulit, rambut, mata; wangun irung; dhuwur awak), afiliasi sosio-pulitik-agama (penganut agama/kapercayan XYZ, warga negara XYZ, anggota partai XYZ), hubungan kekerabatan (kulawarga: kulawarga cedhak, kulawarga adoh, kulawarga tiri, kulawarga angkat, kulawarga asuh; kanca; mungsuh) lan sapanunggalané.
Tokoh kuwi istilah kanggo wong sing misuwur (upamané 'tokoh pulitik', 'tokoh film', 'tokoh sing nampa bebungah', lsp).
Raga/Fisik[sunting | Owah sumber]
Wujud fisik manungsa beda-beda miturut faktor keturunan, lingkungan, budaya uga gizi panganan. Ukuran umume (rata-rata) yaiku antara: dhuwur 160 cm nganti 180 cm, bobot 45 kg nganti 80 kilogram. Kelir kulit uga beda-beda miturut iklim habitate. Umume variasi kelir antara ireng nganti putih rada abang. Fisik menungsa ketata saking rangka balung, daging nganti kulit ing bagian jaba.