Amérika Sarékat

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
United States of America
Bendéra A.S. Lambang A.S.
(Gendéra A.S.) (Lambang A.S.)
Motto
(1776 - ): E Pluribus Unum
(basa Latin: "Saka akèh dadi siji")
(1956 - ): In God We Trust
(basa Inggris: "Kita Pasrah Marang Gusti")
LocationUSA.png
Basa resmi Basa Inggris
Ibu kutha Washington, DC
Kutha paling gedhé New York City
Presidhèn Barack Obama
Wilayah
 - Total
 - % banyu
Urutan kaping 4
9.826.630 km²
4,875%
Pedunung
 - Total (2004)
 - Kapadhetan pedunung
Urutan kaping 3
293.027.570
32/km²
Kamardikan
 - Proklamasi
 - Diakoni
Perang Revolusi A.S.
4 Juli 1776
3 September 1783
PDB
 - Total (2003)
 - PDB/kapita
Urutan 1, 1, 2, 7
$13.049 trilyun ([1])
$36.010
Valuta Dolar AS (US$)
Zona wektu UTC -5 nganti UTC -11
Lagu kabangsan "The Star-Spangled Banner"
TLD .gov, .edu, .mil, .us, .um
Kodhe telpon +1
Peta geografis Amérika Sarékat

Amérika Sarékat (basa Inggris: United States of America) utawa biasané dicekak dadi AS iku sawijining negara fédheral sing wilayahé ana ing Amérika Lor lan Oséania. Ditilik saka pedunungé, negara iki sing paling gedhé kaping telu sadonya sawisé Republik Rakyat Cina lan India. Ibu kutha Amérika Sarékat yaiku Washington, DC. Amérika Sarékat iku negara adidaya. Negara fédheral iki kasusun saka 50 negara perangan. Saka 50 negara bagéan iki, loro papané ana ing dharatan, banjur saiki minangka èksklav ing sisih lor lan siji iku dhaérah kapulowan. Saliyané iku Amérika uga nduwé jajahan: Puerto Riko, Guam, Samoa Amérika, Kapuloan Mariana Lor, lan Kapuloan Virgin.

Amérika Sarékat nduwé pedunung 300 yuta jiwa.

Pulitik[sunting | Owah sumber]

Amérika Sarékat kuwi negara dhémokrasi konstitusional kanthi sistem three-tier lan institusi kehakiman kang bebas. Ana telung tataran yaiku tataran nasional, negara bagéyan lan pamaréntahan lokal yang duwèni badan legislatif sarta eksekutif kanthi bidhang kuwasa dhéwé-dhéwé. Negara iki migunakaké sistem persekutuan utawa federalisme yakuwi arupa pambagéan kakuwasan ing antara negara pusat lan negara bagéyan. Negara pusat kuwasa marang sawetara prakara kayata pancithakan dhuwit sarta kawicaksanan pertahanan. Nanging, negara-negara bagéyan kuwasa nemtokaké hak lan undhang-undhang dhéwé-dhéwé kayata hak ngguguraké bayi lan ukuman maksimal jroning undhang-undhang.

Siji èlemèn kang cetha ing Amérika yaiku dhoktrin pambagéan kuwasa. Pasal 1 nganti 3 Konstitusi Amérika, wis nggarisaké sacara rinci bab kuwasa-kuwasa Negara kang utama yaiku eksekutif, legislatif dan kehakiman. Checks and Balances utawa kontrol lan kaseimbangan minangka siji ciri utama jroning negara Amérika lan bab iki komplit banget saéngga ora ana siji cabang negara kang duwé kuwasa mutlak kanggo ngawal cabang kakuwasan liyané.

Ing negara iki kabèh rakyat kang umuré wis ngancik 18 taun duwé hak milih. Pemilu kanggo pamilihan presidhèn dianakaké saben patang taun sepisan lan sing pungkasan yakuwi ing sasi November 2004.

Saliyané Pemilu kanggo milih presidhèn, ana uga Pemilu paruh wektu, kang dianakaké ing pertengahan mangsa jabatan presidhèn. Jroning pemilu iki kang dipilih dudu presidhènn nanging kabèh anggota Dewan Perwakilan lan saprotelon senator saka saben negara bagéan. Pemilu iki pungkasan dianakaké ing tanggal 7 November 2006.

Pamérangan administratif[sunting | Owah sumber]

Nalika nyatakaké kamardikan Amérika Sarékat, telulas koloni owah dadi negara-negara bagéyan. Wiwitané negara-negara bagéyan iki nyawiji minangka sawijining persekutuan nanging banjur dadi negara kang nyawiji. Taun-taun sabanjuré, cacahing negara bagéyan tansaya tambah kanthi mlebuné negara-negara bagéyan ing tlatah kulon, panukon lemah lan pamekaran sawetara negara-negara bagéyan kang wis ana. Saben negara bagéyan dipérang jroning counties (kayadéné kabupatèn), cities (kayadéné kuthamadya utawa kutha otonom) lan townships (kayadéné kacamatan).

Amérika Sarékat uga nduwèni dhaerah federal, Washington, DC, lan tanah jajahan kayataPuerto Riko, Samoa Amérika, Guam lan Kapuloan Virgin.

Geografi[sunting | Owah sumber]

Amérika Sarékat kuwi negara paling gedhé nomer-3 ing donya. Kahanan geografiné manéka warna banget:

Uga duwèni iklim werna-werna gumantung kahanan geografis, wiwit saka iklim tropis (panas lan garing ing mangsa panas, anget ing mangsa anyep) ing Florida nganti tundra (anyep sadawaning taun) ing Alaska. Sebagéan negara iki nduwèni mangsa panas kang anget lan mangsa salju kang anyep. Sawetara bagéan AS, kayata bagéyan California, nduwèni iklim Mediterrania.


Uga delengen[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Situs resmi pamaréntah[sunting | Owah sumber]

Liyané[sunting | Owah sumber]


Negara-negara ing Amérika Lèr
Amérika Sarékat | Antigua lan Barbuda | Bahama | Barbados | Belize | Dominika | Republik Dominika | El Salvador | Grenada | Guatemala | Haiti | Honduras | Jamaika | Kanada | Kosta Rika | Kuba | Meksiko | Nikaragua | Panama | Saint Kitts lan Nevis | Saint Lucia | Saint Vincent lan Grenadines | Trinidad lan Tobago
Dependensi: Anguilla | Antillen Walanda | Aruba | Bermuda | Kepuloan Cayman | Greenland | Guadeloupe | Martinique | Montserrat | Pulo Navassa | Puerto Riko | Saint-Pierre lan Miquelon | Kepulauan Turks lan Caicos | Kepulauan Virgin Amerika Serikat | Kepulauan Virgin Britania Raya

Wikivoyage   Pirsani pandhuan wisata Amérika Sarékat ing Wikivoyage

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Amérika_Sarékat&oldid=927674"