Georgia Kidul lan Sandwich Kidul

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Georgia Kidul lan Kepulauan Sandwich Kidul kuwi wilayah sebrang segara Britania Raya ing Samudra Atlantik bagian kidul. Teritori iki dibentuk taun 1985 ; sakdurunge dadi bagian sala Dependensi Kepuloan Falkland . Teritori iki terdiri saka Pulo Georgia Kidul , pulo paling gedhe, karo sekelompok pulo-pulo cilik sing dijenengke Kepuloan Sandwich Kidul . Ora ana wong sing netep permanen ning teritori iki. Dheweke sing teka ning teritori iki kuwi para pasukan Britania lan peneliti. Kedaulatan Georgia Kidul lan Kepuloan Sandwich Kidul wis disengketake nalika penemuane. Argentina kuwi siji-sijine negara sing hingga saiki isih ngeklaim hak kepemilikan teritori kuwi, karo namake Islas Georgias y Sandwich del Sur . Persengketaan iki dadi salah siji penyebab njebluke Perang Falkland taun 1982 . Argentina nduweni pemukiman ing Kepuloan Sandwich Kidul pada 1976 hingga 1982, lan nguasai Georgia Kidul sesuwene perang kasebut.