Bèlgia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Royaume de Belgique
Koninkrijk België
Königreich Belgien
Flag of Belgium.svg Great coat of arms of Belgium.svg
Gendhèra Belgia Lambang Belgia
Motto: L'union fait la force
LocationBelgium.png
Basa resmi basa Prancis, basa Walanda
Ibu kutha Brusel
TLD .be
Kode telepon 32

Belgia iku sawijining negara ing jagad Eropah. Pedhunungé cacahé kira-kira ana 10 yuta. Ibu kuthané iku Brusel. Negara iki ing sisih lor wewatesan karo Walanda, ing sisih wétan karo Jerman lan ing sisih kidul karo Perancis lan Luksemburg. Déné ing sisih kulon Belgia wewatesan karo Segara Lor, ing sebrangé Britania Raya.

Demografi[sunting | Owah sumber]

Belgia dipanggoni déning sawetara bangsa yakuwi:

  • Suku bangsa Flandria (Vlamingen) kang nganggo basa Walanda (~ 60% )
  • Suku bangsa Walonia (Wallons) kang nganggo basa Perancis (~ 35% )
  • Suku bangsa Jerman (Deutschen) kang nganggo baha Jerman (kurang saka 1% )

Aspek-aspek basa lan budhaya iki akèh mènèhi warna sajarah Belgia. Puluhan taun suwéné, suku bangsa Flandria didiskriminasi déning suku bangsa Walonia, senajan cacahé luwih akèh. Nembé ing abad ka-20, sithik mbaka sithik situasi dadi luwih apik, nganti saiki ekonominé tansaya apik.

Pamérangan administratif[sunting | Owah sumber]

Belgia kapérang dadi 3 komunitas lan 3 kawasan.
Vlaamse GemeenschapLocatie.png
Komunitas Flandria

(Penutur basa Belanda)

Franse GemeenschapLocatie.png
Komunitas Prancis

(Penutur basa Perancis)

Duitstalige GemeenschapLocatie.png
Komunitas
penutur Jerman
Vlaams GewestLocatie.png
kawasan Flandria
Wallonia (Belgium).png
kawasan Walloon
BelgiumBrussels.png
kawasan Brusel-Ibukota

Konstitusi negeri iki direvisi tanggal 14 Juli 1993 kanggo nyiptakaké negara federal kang unik, adhedhasar telung tingkatan:

  1. Pemerintah federal, basis ing Brusel.
  2. 3 masyarakat basa:
  3. 3 kawasan (kang béda saka komunitas ngèlingi marang anané komunitas penutur basa Jerman ing kawasan Brusel):

Konflik ing antara komunitas mau dirampungké déning Pengadilan Arbitrasi. Pengaturan iku mujudaké kompromi antara budaya-budaya kang béda-béda nanging urip bebarengan sarana damai.

Delengen uga[sunting | Owah sumber]

Catatan[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikivoyage   Pirsani pandhuan wisata Bèlgia ing Wikivoyage

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bèlgia&oldid=927503"