Turki iku sawijining negara ing pawatesan antara bawana Eropah lan Asia. Ibu kuthané yaiku Ankara. Saliyané iku kutha paling gedhé sing misuwur yaiku kutha Istanbul, kutha iki jaman ndisik bekasé punjer pamaréntahané Romawi wétan, lan sawisé iku direbut Turki Usmani. Negara iki nduwé pedunung 70 yuta jiwa. Turki awatesan karo Yunani lan Bulgaria ing sisih kulon. Ing sisih kidul Turki awatesan karo Suriah lan Irak. Ing sisih wétan wewatesan karo Armenia, lan Azerbaijan.
Kanggo kaperluan statistik, Turki dipérang dadi 7 region (bölge). Sacara administratif Turki dipérang jroning 81 provinsi. Sabanjuré provinsi-provinsi mau dipérang manèh dadi 923 distrik (ilçeler; sing. ilçe).
Kutha-kutha wigati lan cacah pedunungé (miturut sensus taun 2000):