Wikipedia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Wikipedia
Wikipedia-logo-v2.svg
Gambar layar portal multibasa Wikipedia.
Gambar layar portal multibasa Wikipedia.
URL www.wikipedia.org
Komersial? Mboten
Tipe situs Ensiklopedia daring
Pendaftaran? Opsional
Basa: 236 edisi aktif (total 253)[1]
Pemilik Wikimedia Foundation
Pangripta Jimmy Wales, Larry Sanger[2]
Diluncuraké 15 Januari 2001
Status Salebetipun prosès ingkang tansah lumampah teras (mboten bakal rampung)[3]

Wikipedia (pangucapan: Wi·ki·pæ·di·a utawi Wi·ki·pi·di·a) punika proyèk ensiklopedia multibasa salebetipun jaringan ingkang bébas lan terbuka, ingkang dipunlampahaken déning Wikimedia Foundation, satunggiling organisasi nirlaba ingkang basisipun ing Amérika Sarékat. Nami Wikipedia asalipun saking gabungan tembung wiki lan encyclopedia. Wikipedia dipunrilis nalika taun 2001 déning Jimmy Wales lan Larry Sanger,[4] lan sapuniki arupi karya réferènsi paling ageng, cepet ngrembaka, lan populèr ing internet.[5][6] Proyèk Wikipedia gadhah don kanggé maringaken èlmu pangertosan manungsa[7] ugi ndamel bauwarna ingkang pepak piyambak ing sedaya basa ing saubengipun donya. Sedaya tiyang saged tumut nyumbang.

Tuwuhing artikel[sunting | Owah sumber]

Wiwit resmi dipunluncuraken nalika tanggal 15 Januari 2001, Wikipedia basa Inggris sampun ngalami tuwuhing artikel ingkang ngéramaken. Tanggal 21 Januari 2003, gunggung artikel ingkang dipungadhahi sampun ngantos 100.000 artikel, lajeng nalika tanggal 01 Maret 2006, sampun nggadhahi 1.000.000 artikel. Angka puniki tambah teras dados 2.000.000 artikel nalika tanggal 09 September 2007 lan nembus angka 3.000.000 artikel nalika tanggal 17 Agustus 2009.

Dumugi wulan September 2010, proyèk Wikipedia ingkang sampun gadhah gunggung artikel langkung saking 1.000.000 namung wonten 3 basa, inggih punika basa Inggris, basa Jerman ingkang sampun nembus angka puniki nalika tanggal 27 Desember 2009 lan basa Prancis ingkang sampun nglampahi nalika tanggal 21 September 2010.

Éwadéné Wikipedia basa Indonesia, sepindhah gadhah artikel nalika tanggal 30 Mei 2003. Angka puniki dados 1.000 artikel nalika tanggal 16 Maret 2004, lajeng nembus angka 10.000 artikel nalika tanggal 31 Mei 2005. Gunggung 100.000 artikel dipungayuh nalika tanggal 21 Februari 2009. Nalika tanggal 9 Februari 2011, Wikipedia basa Indonesia sampun gadhah langkung saking 153.000 artikel.

Sauntawis Wikipedia basa Jawi, artikel sepindhahipun kacathet tanggal 8 Maret 2004, nggayuh 1.000 artikel tanggal 7 Mei 2005, lan 10.000 artikel tanggal 3 Mei 2001. Nalika tanggal 12 Februari 2011, Wikipedia basa Jawi sampun gadhah langkung saking 32.000 artikel.

Piranti atos[sunting | Owah sumber]

Server-server Wikimedia ing Tampa

Wikipedia dipunlampahaken kanthi nganggé piranti alus MediaWiki déning server-server kagunganipun Yayasan Wikimedia. Dumugi tanggal 13 Mei 2006 Wikipedia lan proyèk-proyèk Wikimedia sanèsipun dipunlampahaken déning 175 server ingkang papanipun ing 4 lokasi ingkang bènten inggih punika ing Tampa-Florida-Amérika Sarékat, Paris-Prancis, Amsterdam-Walandi, sarta ing lokasi Yahoo!.

Princèn server miturut lokasinipun inggih punika:

Saingan Wikipedia[sunting | Owah sumber]

Parodi Wikipedia[sunting | Owah sumber]

Cathetan suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ "Statistik". Wikipedia basa Inggris. http://en.wikipedia.org/wiki/Special:Statistics. Retrieved 2008-06-21.
  2. ^ Jonathan Sidener. "Everyone's Encyclopedia", San Diego Union Tribune. diaksès tanggal 2006-10-15. 
  3. ^ "Wikipedia:Wikipedia is a work in progress". Wikipedia. http://en.wikipedia.org/wiki/Wikipedia:Wikipedia_is_a_work_in_progress. Retrieved 2008-07-03.
  4. ^ Miliard, Mike. "Wikipediots: Who are these devoted, even obsessive contributors to Wikipedia?", Salt Lake City Weekly, 2008-03-01. diaksès tanggal 2008-02-21. 
  5. ^ Tancer, Bill. "Look Who's Using Wikipedia", TIME, 2007-05-01. diaksès tanggal 2007-12-01. 
  6. ^ Woodson, Alex. "Wikipedia remains go-to site for online news", Reuters, 2007-07-08. diaksès tanggal 2007-12-16. 
  7. ^ Wikipedia Founder Jimmy Wales Responds. Slashdot. 28 Juli 2004.

Priksani ugi[sunting | Owah sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wikipedia&oldid=927429"