Aljazair

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية
al Jumhuriyah al Jazā'iriyah
ad Dīmuqrāţiyah ash Sha'biyah
Motto: بالشّعب وللشّعب
(Bil-sha'bi wa lil-sha'bi = "Déning rakyat lan kanggo rakyat")
Lagu kabangsanQassaman
Ibu kutha
and largest city
Aljir
Basa resmi Arab
Pamaréntahan Républik semi-présidhènsial
Kamardikan
 -  Banyu (%) -
Pedunung
 -  2010 estimate 35.423.000
 -  1998 census 29.100.867
PDB (KKB) 2010 estimate
 -  Total US$251,117 miliar
 -  Per capita US$4.435
Valuta Dinar (DZD)
Kodhe tilpun 213
Internet TLD .dz

Républik Démokratik Rakyat Aljazair[1][2][3][4] (basa Arab: الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية) utawa asring kasebut Aljazair iku sawijining negara ing tlatah Maghribi, Afrika. Yèn miturut ambané wilayah, Aljazair minangka negara paling gedhé ing Segara Tengah, paling gedhé ing Donya Arab, kaping pindo ing bawana Afrika[5] sawisé Sudan, lan kaping sewelas sa donya.[6] Aljazair bakal dadi negara Afrika paling gedhé sawisé wilayah Sudan Kidul mardika déning Sudan ing tanggal 9 Juli 2011.

Aljazair wewatesan karo Tunisia ing sisih lor-wétan, Libya ing sisih wétan, Maroko ing sisih kulon, Sahara Kulon, Mauritania, lan Mali ing sisih kidul-kulon, Niger ing sisih kidul-wétan, lan karo tlatah Segara Tengah ing sisih lor. Aljazair jembaré ana 2.400.000 km2, lan pedhunungé kira-kira ana 35,7 yuta.[7] Ibukuthané yaiku Aljir.

Aljazair minangka anggota Liga Arab, PBB, Uni Afrika, lan OPEC. Aljazair kuwi uga salah sawijining anggota pangadeg Uni Arab Maghribi.

Étimologi[sunting | Owah sumber]

Tembung Al-jazā’ir (الجزائر) jroning basa Arab tegesé "pulo-pulo", asliné kuwi cekakan saka Jazā’ir Banī Mazghanā (جزائر بني مازغان) sing tegesé "pulo-pulo kaum Bani Mazghana". Istilah sepisanan dipigunakaké déning géografer jaman pertengahan kayata Muhammad al-Idrisi.

Ing jaman klasik, dhaérah Aljazair lor uga diarani Numidia, kang biyèn wates wilayahé uga kalebu Tunisia kulon lan Maroko wétan.

Géografi[sunting | Owah sumber]

Sabagéyan gedhé Aljazair dunungé ana ing antara 19° lan 37° lintang lor (mung sithik ana ing sisih loré 37°), karo 9° bujur kulon lan 12° bujur wétan. Umumé dhaérah pesisir Aljazair arupa pabukitan lan sithik liyané pagunungan. Plabuhan alami ora akèh cacahé ing Aljazair.

Pagunungan Ahaggar (basa Arab: جبال هقار‎ jibaalun Haghar) utawa uga diarani Hoggar, minangka dhaérah dhataran dhuwur ing tengahé ara-ara Sahara, ing wilayah Aljazair kidul. Dumunungé pagunungan kuwi kurang luwih 1.500 km sisih kidul saka ibu kutha Aljir. Tamanrasset yaiku sawijining kutha kang ana ing kana.

Kutha-kutha utamané Aljazair yaiku Aljir, Oran, Constantine, Tizi Ouzou, lan Annaba.

Pulitik[sunting | Owah sumber]

Aljazair kuwi dianggep réjim otoritèr, yèn miturut Indèks Démokrasi 2010[8] saka kalawarti internasional The Economist. Laporan Freedom of the Press 2009 saka sawijining LSM Amérika Sarékat mènèhi Aljazair peringkat "ora bébas".[9]

Présidhèn minangka kepala negara Aljazair, lan dipilih kanggo mangsa jabatan limang taunan. Sakjané biyèn mangsa jabatan Présidhèn diwatesi mung kalih mangsa limang taunan, nanging wiwit 11 November 2008 amandemèn undhang-undhang déning Parlemèn wis mbusak batesan iki.[10] Pedunung Aljazair nduwèni hak pilih ing umur 18 taun.[5]

Parlemèn Aljazair iku arupa sistem rong kamar (bikameral).

Provinsi lan distrik[sunting | Owah sumber]

Péta provinsi Aljazair lan nomoré miturut urut-urutané sing resmi


1 Adrar
2 Chlef
3 Laghouat
4 Oum el-Bouaghi
5 Batna
6 Béjaïa
7 Biskra
8 Béchar
9 Blida
10 Bouira
11 Tamanghasset
12 Tébessa


13 Tlemcen
14 Tiaret
15 Tizi Ouzou
16 Aljir
17 Djelfa
18 Jijel
19 Sétif
20 Saïda
21 Skikda
22 Sidi Bel Abbes
23 Annaba
24 Guelma


25 Constantine
26 Médéa
27 Mostaganem
28 M'Sila
29 Mascara
30 Ouargla
31 Oran
32 El Bayadh
33 Illizi
34 Bordj Bou Arréridj
35 Boumerdès
36 El Tarf


37 Tindouf
38 Tissemsilt
39 El Oued
40 Khenchela
41 Souk Ahras
42 Tipasa
43 Mila
44 Aïn Defla
45 Naama
46 Aïn Témouchent
47 Ghardaïa
48 Relizane

Démografi[sunting | Owah sumber]

Aljazair nduwèni cacah pedunung 34.895.000 (prakiran Januari 2010), yaiku 99% minangka etnis Arab utawa Berber.[5] Turunaning para pangungsi saka Andalusia, uga ana ing populasi pedunung Aljir lan kutha-kutha liya.[11] Mèh ora ana wong-wong katurunan Éropah ing Aljazair, sabagéyan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan nagara kuwi saka Prancis.[12]

Delengen uga[sunting | Owah sumber]

Cathetan suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ Brozolo, Luca G. Radicati di (1990). "Benemar v. Embassy of the Democratic and Popular Republic of Algeria". American Journal of International Law 84 (2): 573–577. doi:10.2307/2203476.
  2. ^ http://www.iusct.org/claims-settlement.pdf
  3. ^ http://www.mem-algeria.org/legis/Mines_ANNEX-29-04-03.pdf
  4. ^ http://maghrebeurope.ceth.fr/DAHOR-en.pdf
  5. ^ a b c "Africa: Algeria". CIA World Factbook. Cia.gov. https://www.cia.gov/library/publications/the-world-factbook/geos/ag.html. Retrieved 2009-12-07.
  6. ^ Encarta MSN
  7. ^ "Population et Démographie". Office National des Statistiques. http://www.ons.dz/-Population-et-Demographie-.html. Retrieved 2010-03-13.
  8. ^ "Democracy Index 2010". http://graphics.eiu.com/PDF/Democracy_Index_2010_web.pd.
  9. ^ "Freedom of the Press 2009". Freedom House. Archived from the original on 2009-05-20. http://web.archive.org/web/20090520232850/http://www.freedomhouse.org/uploads/fop/2009/FreedomofthePress2009_tables.pdf. Retrieved 2009-05-07.
  10. ^ "BBC NEWS", News.bbc.co.uk, November 12, 2008. diaksès tanggal 2008-11-24. 
  11. ^ John Douglas Ruedy (2005). "Modern Algeria: the origins and development of a nation". Indiana University Press. p.22. ISBN 978-0-253-21782-0
  12. ^ Raimondo Cagiano De Azevedo (1994). "Migration and development co-operation.". Council of Europe. p.25. ISBN 978-92-871-2611-5


Bawana-bawana ing Donya
Asia | Afrika | Amerika: Amérika Lèr - Amérika Kidul | Antartika | Eropah | Australia

(Kapuloan Pasifik ing Oseania mboten mlebet bagéyan saking bawana pundi kémawon)

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Aljazair&oldid=884678"