Siprus

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Κυπριακή Δημοκρατία
Kypriakí Dimokratía (Yunani)
Kıbrıs Cumhuriyeti (Turki)
Motto: 
Lagu kabangsanYmnos pros tin Eleutherian 1
Ibu kutha
and largest city
Nikosia
Basa resmi Yunani, Turki
Pamaréntahan Republik
 -  Presidhèn Dimitris Christofias 2
Kamardikan
 -  Banyu (%) -
Pedunung
 -  2005 estimate 780.133 5 (155)
 -  2001 census 689.565 6
PDB (KKB) 2005 estimate
 -  Total US$15,76 miliar (117)
 -  Per capita US$19.633 (36)
Valuta Euro (EUR)
Zona wektu (UTC+2)
 -  Summer (DST)  (UTC+3)
Kodhe tilpun 357 7
Internet TLD .cy

Republik Siprus yaiku negara pulo ing Segara Tengah bagéyan wétan, udakara 113 km kidulé Turki lan 120 km kuloné Suriah. Ibu kuthaé yakuwi Nikosia. Kutha wigati liyané antara liya Limassol, Larnaca, Paphos, Famagusta, lan Kyrenia.

Wiwit taun 1974, ing bagéyan lor ana Republik Turki Siprus Lor, kang mung diakoni déning Turki.

Sajarah[sunting | Owah sumber]

Sawisé 1945[sunting | Owah sumber]

Siprus, nalika isih dadi jajahan Britania Raya, arep diwènèhaké marang Yunani. Nanging minoritas Turki nulak. Sidané kompromi disarujuki lan taun 1959 didegaké negara Siprus mardika. Ananging negara Yunani lan Turki kaloroné durung puas lan pungkasané taun 1974 sawijining kelompok kang kepéngin persatuan karo Yunani nganakaké kudéta kang diwales nganggo invasi Turki. Miwiti kadadéyan kuwi Turki mbanjur nguwasani wilayah lor.

Anggota Uni Eropah[sunting | Owah sumber]

Tanggal 1 Mei 2004, Siprus dadi anggota Uni Eropa. Nanging kang diidinaké mèlu mung wilayah kidul waé, séjé babé yèn wilayah lor uga péngin dadi siji manèh. Pungkasané pedunung wilayah lor nekan pamaréntahé supaya dadi siji karo wilayah kidul. Tanggal 24 April 2004 wilayah lor (kang dipimpin déning Raouf Denktash) mratélakaké "iya" marang gagasan persatuan. Daerah kidul (kang dipimpin déning Tassos Papadopoulos) mratélakaké "ora" tumrap persatuan. Sidané mung bagéyan kidul waé kang dadi anggota Uni Eropah.

Ekonomi[sunting | Owah sumber]

Ekonomi Siprus gumantung marang ekspor produk tani (jeruk, kenthang, anggur, tembako) lan saka pariwisata. Sektor perikanan amèh ora ana artiné; tlatah banyu ing saubengé pulo kurang ana iwaké. Séjéné kuwi sektor pertambangan isih nguntungaké (tembaga, wesi, marmer lan gipsum). Tembung tembaga jroning basa-basa Eropah ngrupakaké derivasi saka tembung "Siprus" ing basa Yunani kupros, upamané tembung copper (basa Inggris) utawa koper (basa Walanda).

Uga pirsani[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikivoyage   Pirsani pandhuan wisata Siprus ing Wikivoyage


Peta Siprus


 
Uni Eropah (EU)
Gendéra Uni Eropah

Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Siprus&oldid=927644"