IMF
Dana Monetèr Internasional utawa International Monetary Fund (IMF) iku organisasi internasional sing duwé tanggel waler ngatur sistem finansial global lan nyawisaké silihan marang negara anggotané kanggo mbiyantu masalah-masalah kaimbangan neraca kauangan saben negara. Salah siji misiné yaiku mbiyantu negara-negara sing ngalami kangèlan ékonomi sing serius, lan minangka opahé, negara kasebut diwajibaké nglakoni kawicaksanan-kawicaksanan tinentu, umpamané privatisasi badan usaha darbèké negara.
Negara-negara anggota PBB sing ora dadi anggota IMF yaiku Korea Lor, Kuba, Liechtenstein, Andorra, Monako, Tuvalu lan Nauru.
Bab lan Paragraf
Latar Wingking[sunting | Owah sumber]
Lembaga iki kawiwitan nalika PBB nyeponsori Konferensi Kauangan lan Monetèr ing Bretton Woods, New Hampshire, Amérika Sarékat tanggal 22 Juli, 1944. Artikel ngenani Prajanjian IMF lumaku wiwit 27 Desember 1945, lan organisasi IMF kabentuk ing wulan Mei 1946, minangka bagéyan saka rencana rékonstruksi pasca Perang Donya II lan miwiti operasi finansial ing tanggal 1 Maret 1947.
Lembaga iki, bebarengan Bank kanggo Penyelesaian Internasional lan Bank Donya, asring uga disebut minangka institusi Bretton Woods. Katelu institusi iki nemtokaké kawicaksanan monetèr sing diiloni déning mèh kabèh negara-negara sing nduwèni ékonomi pasar. Sawijining negara sing pengin silihan saka IMF, kaistiméwaan BIS sarta silihan pambangunan Bank Donya, kudu nyarujuki syarat-syarat sing ditemtokaké déning katelu institusi iki.
Pimpinan IMF[sunting | Owah sumber]
Daftar managing director IMF:
Kritik[sunting | Owah sumber]
Peran katelu institusi Bretton Woods wis dadi kontrovèrsi kanggo akèh pihak wiwit pèriodhe Perang Dingin. Para kritikus nganggep yèn para panggawé kawicaksanan ing IMF sacara sengaja ndhukung diktator militer kapitalis sing nduwé sikap kekancan karo perusahaan-perusahaan Amérika lan Éropah. Para kritikus uga nganggep IMF ora perduli marang dhémokrasi, hak asasi manungsa lan hak-hak buruh. Kritik-kritik iki uga sacara ora langsung marakaké timbulé gerakan antiglobalisasi. Sabagéyan liyané nduwèni anggepan IMF ora duwé power sing cukup kanggo dhémokratisasikaké nagara sing duwé dhaulat, lan uga ora nduwèni power kanggo ndhukung stabilitas finansial. Para kritikus sing ndhukung IMF duwé pendhapat yèn kastabilan ékonomi diperlokaké sadurungé anané dhémokrasi.
Para pakar ékonomi ngritik pola pawènèhan bantuan finansial sing mesthi dièmbèl-èmbèli "syarat", kalebu uga Structural Adjustment Programmes. Syarat-syarat iki mudhunaké kastabilan sosial, sing uga ateges nyendhet tujuan-tujuan IMF. IMF matesi perékonomian negara donya ngrembaka knthi cara nentang pangembangan infrastruktur lan njaluk negara iku kanggo urip kanthi standar sing asor.
Pranala njaba[sunting | Owah sumber]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.