Norwégia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Norwegia)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kongeriket Norge
Kongeriket Noreg
Motto: -
Motto karajan: Alt for Norge (Kabèh kanggo Norwegia)
Lagu kabangsanJa, vi elsker dette landet
Ibu kutha
and largest city
Oslo
Basa resmi Norwegia (80%) Sami(12.64%)
Pamaréntahan Monarki konstitusional
Konstitusi
Kamardikan
 -  Banyu (%) 6,0%
Pedunung
 -  2005 estimate 4.593.041 (115)
 -  2001 census 4.520.947
PDB (KKB) 2003 estimate
 -  Total US$169 miliar (42)
 -  Per capita US$40.784 (2)
IPM 0,963 / 1)
Valuta Krone Norwegia (NOK)
Zona wektu CET (UTC+1)
 -  Summer (DST) CEST (UTC+2)
Kodhe tilpun 47
Internet TLD .no

Karajan Norwegia utawa Kongeriket Norge/Noreg jroning basa Norwegia yakuwi sawijining negara Nordik ing Semenanjung Skandinavia bagéyan pucuk kulon lan wewatesan karo Swedia, Finlandia, lan Rusia. Panténé kang dumunung ing Samodra Atlantik Lor minangka lokasi fyord kang misuwur. Svalbard lan Jan Mayen ana ing ngisor kadhaulatan Norwegia adhedhasar Traktat Svalbard.

Geografi[sunting | Owah sumber]

Reine, Lofoten, dilihat dari puncak Reinebringen (Juni 2003).

Lansekap Norwegia umumé kasar lan akèh gunung, katutup déning gletser, lan pinggir panté dawané luwih saka 83.000 km [1] diwatesi déning fyord, lan uga pulo-pulo. Bagéyan lor negara iki uga dikenal minangka "Tanah Srengéngé Tengah Wengi" amarga lokasiné kang dumunung ing sisih paling lor, lan saben musim panas srengéngé ora tau angslup, lan ing usum adhem srengéngé ora metu jroning wektu kang suwé. Norwegia wewatesan karo Segara Lor ing sisih kidul-kulon lan pulo-pulo Skagerrak ing sisih kidul, Segara Norwegia ing kulon, lan Segara Barents ing lor-wétan. Ing sisih wétan Norwegia wewatesan karo Swedia, lan uga karo Finlandia, lan uga karo Rusia. Titik paling dhuwur ing Norwegia panggonan sing arané Galdhøpiggen yakuwi dhuwuré watara 2.469 m. Iklim Norwegia iklim temperat, utamané ing daerah pesisir amarga pengaruh Gulf Stream. Iklim tanah bagéyan jero luwih parah lan ing sisih lor luwih cedhak karo iklim subarktik.

Politik[sunting | Owah sumber]

Norwegia kuwi negara monarki konstitusional lan migunakaké sistem pamaréntahan parlementer. Parlemèné, Stortinget, nduwèni 169 anggota (sadurungé 165, tambah wiwit tangal 12 September 2005) kang dipilih kanggo masa jabatan 4 taun. Parlemen iki kabagi loro jroning voting legislasi, Odelsting lan Lagting. Kejaba kanggo sawetara bab, Storting nduwèni fungsi minangka parlemen unikameral.

Uga pirsani[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikivoyage   Pirsani pandhuan wisata Norwégia ing Wikivoyage


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Norwégia&oldid=927651"