Wi-Fi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
logo Wi-Fi

Wi-Fi menika singkatan saking Basa Inggris Wireless Fidelity. Wi-Fi inggih menika kempalaning standar ingkang kaginakaken kanggé Jaringan Lokal Nirkabel (Wireless Local Area Network) utawi WLAN kanthi dhasar spesifikasi Institute of Electrical and Electronics Engineers IEEE 802.11. Standar paling énggal saking spèsifikasi 802.11a utawi b sakmenika nembé dipunsusun. Wiwitanipun Wi-Fi menika ancasipun kanggé perangkat nirkabel utawi Jaringan Area Lokal (LAN), ananging sakmenika kathah dipunginakaken kanggé ngaksès internet. [1].

Wonten ing jaringan Wi-Fi, komputer kaliyan kartu jaringan Wi-Fi kaubungaken tanpa kabel dhateng perute nirkabel. Perute utawi router kasambung dhateng internet kanthi media modem, padatanipun kabel utawi modem DSL. Jaringan Wi-Fi saged dados kabikak saengga sinten kemawon saged ngginakaken. Wonten ugi ingkang sifatipun ketutup utawi menawi badhe ngginakaken mbetahaken kata kunci (password). Area ingkang wonten akses nirkabel menika dipunwastani area hotspot nirkabel [2].

Sejarah[sunting | Owah sumber]

Sejarahing teknologi 802.11 kawiwitan ing putusan Komisi Komunikasi Federal AS ing taun 1885 ingkang ngrilis pita GSM kanggé pangginaan tanpa lisensi [3]. Ing taun 1991, [[NCR Corporation sesarengan kaliyan At&T manggihaken pendahulu 802.11 ingkang katujukaken kanggé sistem kasir. Produk-produk nirkabel kapisan wonten ing sangandhaping nama WaveLAN. Vic Hayes dipunwastani Bapak Wi-Fi lan ndherek ing perancangan standar kapisan IEEE [4][5].

Cara Kerja Wi-Fi[sunting | Owah sumber]

Teknologi jaringan wi-fi menika cara kerjanipun ngginakaken gelombang radio lan jaringan tanpa kabel utawi wireless LAN ( Local Area Network ) saking komputer, peruté utawi router nirkabel menika pikantuk peran ingkang wigati ing sistem kerja Wi-Fi. Adaptor menika nampi data saking komputer kanthi wujud digital. Saksampunipun data kasebut dipun-konversi dhateng wujud gelombang radio lajeng dipunkirim tumuju peruté kanthi media anténa. Sinyal decode peruté menika ngirim dhateng internet. Proses menika kondur malih nalika informasi ingkang dipunkirim saking internet tumuju komputer [6].

Spesifikasi[sunting | Owah sumber]

Wi-Fi dipunrancang adhedhasar spesifikasi IEEE 802.11. Samenia wonten sekawan jinis variasi saking 802.11,inggih menika:

  • 802.11a
  • 802.11b
  • 802.11g
  • 802.11n

Spesifikasi b menika produk kapisan Wi-Fi. Variasi g lan n menika salah satunggal produk ingkang kagungan nila penjualan ingkang paling kathah ing taun 2005.

Spesifikasi Wi-Fi
Spesifikasi Kecepatan Frekuensi
Band
Cocok
kaliyan
802.11b 11 Mb/s ~2.4 GHz b
802.11a 54 Mb/s ~5 GHz a
802.11g 54 Mb/s ~2.4 GHz b, g
802.11n 100 Mb/s ~2.4 GHz b, g, n

Versi Wi-Fi sakmenika ingkang paling wiyar ing pasaran AS ( adhedhasar IEEE 802.11b/g ) operasinipun ing 2.400 MHz dumugi 2.483,50 MHz. Awit mekaten paring ijin operasi ing 11 channel ( saben channel pikantuk 5 MHz ), kanthi pusat frekuensi kados ing ngandhap menika :

  • Channel 1 - 2,412 MHz;
  • Channel 2 - 2,417 MHz;
  • Channel 3 - 2,422 MHz;
  • Channel 4 - 2,427 MHz;
  • Channel 5 - 2,432 MHz;
  • Channel 6 - 2,437 MHz;
  • Channel 7 - 2,442 MHz;
  • Channel 8 - 2,447 MHz;
  • Channel 9 - 2,452 MHz;
  • Channel 10 - 2,457 MHz;
  • Channel 11 - 2,462 MHz

Miturut teknis operasional, Wi-Fi menika salah satunggaling varian teknologi komunikasi lan informasi ingkang kerja wonten ing jaringan lan perangkat WLAN ( Wireless Local Area Network ). Dados Wi-Fi menika sertifikasi mèrek dagang ingkang dipunparingi parbrikan dhateng perangkat telekomunikasi (internet) ingkang kerja ing jaringan WLAN lan sampun njangkepi kualitas kapasitas interoperasi . Teknologi internet kanthi dhasar Wi-Fi menika dipundamel lan dipunkembangaken déning kelompok insinyur Amerika Serikat ingkang kerja ing Institute of Electrical and electronics Engineers utawi IEEE adhedhasar standar teknis perangkat kanthi angka 802.11b, 802.11a dan 802.16.

Cathetan suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ [1],Wi-Fi (dipun-akses tanggal 12 November 2012).
  2. ^ [2],Tahukah anda apa itu wi-fi (dipun-akses tanggal 12 November 2012).
  3. ^ "Wi-Fi (wireless networking technology)". Encyclopædia Britannica. 
  4. ^ Ben Charny (December 6, 2002). "CNET Vision series". CNET. http://news.cnet.com/1200-1070-975460.html.
  5. ^ Olga Kharif (April 1, 2003). "Paving the Airwaves for Wi-Fi". Bloomberg Businessweek. http://www.businessweek.com/technology/content/apr2003/tc2003041_5423_tc107.htm.
  6. ^ [3], (id) http://www.jaringankomputer.org Wi-Fi (dipun-akses tanggal 27 Desember 2012).
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wi-Fi&oldid=835456"