Libya

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
الجماهيرية العربية الليبية الشعبية الإشتراكية
al-Jamāhīrīyah al-‘Arabīya al-Lībīyah ash-Sha‘bīyah al-Ishtirākīyah
Flag of Libya.svg Seal of the National Transitional Council (Libya).svg
(Gendéra Libya) (Lambang Libya)
Motto: —
Lokasi Libya
Basa resmi Arab
Ibu kutha Tripoli
Ketua Transisi Libya Mustafa Abdul Jalil
Pejabat Perdana Mentri Abdel Rahim al-Kib
Wilayah
- Total
Urutan ka-16
1.759.540 km²
Pedunung
 - Total
 - Kapadhetan
Urutan ka-103
7.499.074
5,1/km²
Mata uang Dinar Libya
Zona wektu UTC +2
Kamardikan 24 Desember 1951
Lagu kabangsan Allahu Akbar
Internet TLD .ly
Kode telepon 218

Libya utawa resminé Great Socialist People's Libyan Arab Jamahiriya (basa Arab: ليبيا, kang diartèkaké jroning basa Libya Lībyā atau الجماهيرية العربية الليبية الشعبية الإشتراكية) dumunung ing Afrika Lor, wewatesan karo Laut Tengah, Mesir ing sisih wétan, Sudan ing kidul-wétan, Chad lan Niger ing sisih kidul sarta Aljazair lan Tunisia ing sisih kulon. Ibu kutha negarané yakuwi Tripoli. Ana telu seksi tradhisional, yaiku Tripolitania, Fezzan lan Cyrenaica.

Jeneng "Libya" asalé saka basa Mesir "Lebu", sebutan kanggo wong-wong Berber kang manggon ing sisih kulon Kali Nil lan diadhopsi déning basa Yunani minangka "Libya". Ing jaman Yunani kuno, istilah iki nduwèni makna kang luwih amba, kang nyakup kabèh Afrika Lor ing sisih kuloné Mesir lan kadhangkala ditujokaké kanggo kabèh bawana Afrika.

Wiwitané, Libya kuwi sawijining krajaan kang didegkaké tanggal 24 Desember 1951. Raja Idris I minangka pemimpin pamarintahan. Italia ngrebut Libya saka Kakaisaran Ottoman (Turki) lan ndadèkaké wilayah jajahan. Sawijining negara kang dumunung ing Afrika Lor lan wewatesan karo Segara Tengah iki olèh kamardhikan sakwisé Italia nyerah marang Sekutu jroning Perang Donya II.

Delengen uga[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikivoyage   Pirsani pandhuan wisata Libya ing Wikivoyage

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Libya&oldid=927713"