Malaysia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Pasekuton Malaysia ڤرسكوتوان مليسيا
Flag of Malaysia.svg Coat of arms of Malaysia.svg
(Gendéra Malaysia) (Lambang Malaysia)
Motto: Bersekutu Bertambah Mutu
(Basa Melayu: manunggal ndadosaken kekiyatan)

LocationMalaysia.png

Basa resmi Basa Melayu
Ibukutha Kuala Lumpur 1
Yang di-Pertuan Agong Tuanku Mizan Zainal Abidin
Perdana Menteri Najib Tun Razak
Tlatah
 - Total
 - % Air
Urutan kaping 64
329.750 km²
0,3%
Pedunung


 - Total (2003)
 - Kepadhetan

Urutan kaping 46


25.180.000 (2003 Q3)
76/km²

Kamardikan


 - Tanggal

Saking Britania Raya


31 Agustus 1957

Valuta Ringgit
Zona wektu UTC +8
Lagu kabangsan Negaraku
TLD .my
Kodhe telpon 60
(1) Pamarèntahan Federal pindhah dhateng Putrajaya.

Malaysia menika satunggalipun negari ingkang dumunung ing Asia Kidul Wetan, dipunjumenengaken ing taun 1963. Malaysia nggadhahi padunung saking maneka warni suku lan budaya. Malaysia dados salah satunggalipun negari persemakmuran karajan Inggris. Malaysia awujud negari federasi ingkang kaperang dados 13 wewengkon negari bagian lan 3 pasekutonan. Ibukutha negari Malaysia inggih menika Kuala Lumpur, bilih Putrajaya dados punjering pamarentahan pasekutonan. Gunggungipun padunung Malaysia langkung saking 27 yuta tiyang.[1] Negari Malaysia dipunpisahaken ing kalih wewengkon Malaysia sisih kilen lan Malaysia sisih wetan, dipunpisahaken dening Kapuloan Natuna, wewengkon Indonesia ing Laut Cina Kidul.[1]

Malaysia ingkang sisih kilen asring sinebat Semenajung Malaya. Wewengkon Malaysia ingkang sisih wetan lan dados wewengkon ingkang paling wiyar kaperang dados kalih dhaerah pamerintahan (satingkat provinsi), inggih menika Sarawak lan Sabah. Malaysia dipunliwati gugusan pagunungan ingkang panjang ing Malaysia semenanjung. Wewengkon Malaysia sisih kilen kalebet wewengkon ingkang kathah padunungipun tinimbang sisih wetan. Malaysia sisih kilen ugi dados punjering pamarentahan. Malaysia sisih wetan taksih awujud dhaerah ingkang taksih dipunkupengi alas bawera. Kirang langkung 15 % padunung Malaysia gesang ing wewengkon menika. Malaysia wewatesan kaliyan Thailand, Indonesia, Singapura, Brunei, lan Filipina.[1]

Malaysia menika dados negari perintis ASEAN lan ugi ndherek ing maneka organisasi internasional, kados PBB.[2][3] Amargi Malaysia nate dipunjajah Inggris, Malaysia ugi dados anggota Negara-Negara Persemakmuran.[4] Malaysia ugi dados anggota D-8.[5]

Sajarah Malaysia[sunting | Owah sumber]

Satunggalipun kelompok tiyang Melayu dipunpanggihi ing semenanjung Melayu kinten-kinten 2000 SM. Tiyang-tiyang kalawau gesang ing goa ing desa-desa. Awit abad ka-8 ngantos abad ka 13 semenanjung Melayu dipunkuwaosi Karajan Sriwijaya saking Indonesia. Sasampunipun menika karajan Hindu saking Jawa, Majapahit dados panguwaos ing wewengkon Semenanjung Melayu. Ing taun 1400-an Malaysia sampun tepang kaliyan agami Islam ingkang dipunsebar sumarambah dening tiyang-tiyang saking Arab. Agami Islam sumebar kanthi sae ing Malaysia saengga ndadosaken Malaysia minangka negari Islam.

Taun 1511, Portugis dhateng ing Malaysia, salajengipun kinten-kinten wonten 4 negari saking Eropa ingkang nguwaosi wewengkon Malaysia menika. Malaysia dipunkuwaosi Belanda ing taun 1641, lan ing taun 1786 Inggris nguwaosi dhaerah Penang. Ing abad kaping 19 negara inggris saged nguwoasi sedaya wewengkon Malaysia. Ing kawitanipun taun 1900, Inggris saged kasil nguwaosi wewengkon Sarawak lan Sabah.

Malaysia minangka negara pasekutonan sejatosipun dereng nate wonten saderengipun taun 1963. Saderengipun menika, wujudipun pakempalan koloni ingkang dipunjumenengaken dening Britania Raya ing pungkasaning abad kaping-18, lan Malaysia taksih awujud maneka karajan utawi praja-praja ingkang kapisah-pisah. Pakempalan wewengkon jajahan kalawau dipunsebat Malaya Britania ngantos dipunbibaraken ing taun 1946, nalika pakempalan menika dipundadosaken manunggal dados Uni Malaya. Amargi kathahipun tantangan, pakempalan kalawau dipungantos malih dades Federasi Malaya nalika taun 1948 lan salajengipun angsal kamardikan tanggal 31 Agustus 1957.[6]

Nalika tanggal 16 September 1963 jumbuh kaliyan proses dekolonialisasi, Singapura, Sarawak, Borneo Ler utawi samenika dipunmangertosi kanthi nami Sabah gantos dados negara bagian saking federasi damelan enggal ingkang naminipun Malaysia kalebet kaliyan Federasi Malaya.[7]

Tanggal 9 Agustus 1965 Singapura dipunmedalaken saking federasi Malaysia lan dados negari mardika kanthi nami Republik Singapura.[8][9]

Nalika proses mujudaken pamarentahan federasi ingkang enggal, wonten pasulayan saking Filipina lan Konfrontasi Indonésia-Malaysia[10]

Iklim Malaysia[sunting | Owah sumber]

Malaysia kalebet negari ingkang caket kaliyan garis ekuator ingkang nggadhahi temperatur ingkang inggil. Saben dintenipun asring kraos benter, lan adhem ing wayah dalunipun. Ing wewengkon pagunungan, temperaturipun langkung adhem.

Alam[sunting | Owah sumber]

Malaysia dados negari prodhusen tin paling ageng sadonya. Prodhuksi tin menika saged narik tiyang kathah minangka dados adamelanipun. Malaysia ugi ngasilaken Bauksit, ingkang dipundamel dados Alumunium. Kinten-kinten 40% prodhuksi karet donya dipunasilaken ing Malaysia. Prodhuksi karet menika ndadosaken saperangan kathah tiyang Malaysia nyambut damel ing indhustri karet. Malaysia ugi dados prodhusen penting kopra. Saperangan jinis kayu ingkang wonten ing Malaysia kados kayu teak, eboni, lan kayu sandal. Lisah (minyak) dipunprodhuksi ing Sarawak.

Basa[sunting | Owah sumber]

Basa resmi ing Malaysia inggih menika Basa Melayu. Basa menika dipunserat ngangge seratan Arab. Basa Inggris dipunangge ing pamarentahan. Ing Malaysia ugi wonten Basa China lan Basa India Kidul ingkang sinebat basa Tamil.

Agama[sunting | Owah sumber]

Saperangan ageng padunung Malaysia menika agamanipun Islam, agami menika dipunbekta dhateng Malaysia atusan taun kapungkur dening tiyang Arab. Padunung ingkang asalipun saking India agaminipun Hindu lan tiyang saking China agaminipun Konghucu utawi Budha. Saperangan alit padunung Malaysia agaminipun Kristen.

Pagesangan[sunting | Owah sumber]

Cara gesang modern padunung Malaysia saged dipunpanggihi ing kutha-kutha ageng, ananging ing desa-desa tiyang Malaysia taksih gesang kanthi cara tradhisional.

Ekonomi[sunting | Owah sumber]

Langkung saking sepalih padunung Malaysia nyambut damel ing bidhang tetanen. Kathah tiyang tani ingkang nyambut damel kaliyan kaluwarganipun. Saking bidhang tetanen menika Malaysia ngasilaken maneka jinis asil kados beras, kacang, uwoh-uwohan, lan sayuran. Prodhuksi uwos menika ugi saged dipunimpor dhateng negari sanes. Negari Malaysia ngasilaken maneka warni barang asil padamelan seni kreatif, kados tenun, sarung, batik, lan sanesipun.

Pamarentahan[sunting | Owah sumber]

Negari Malaysia kalebet negari monarki konstitusional. Malaysia dipunpandhegani raja ingkang asring sinebat "yang dipertuan agong" ingkang dipunpilih gangsal taun sapisan. Minangka dados pangarsaning praja, "yang dipertuan agong" kagungan hak kangge milih perdana mentri lan sedaya mentri ing kabinet-ipun. Kepala negara Malaysia inggih menika Yang di-Pertuan Agong[11] lan pemarentahanipun dipunpimpin Perdana Menteri.[12][13] Model pemarentahan Malaysia mirip kados dene sistem parlementer Westminster.[14]

Sumangga dipunpirsani ugi[sunting | Owah sumber]

Pranala njawi[sunting | Owah sumber]

Cathetan suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ a b c CIA. The World Fact Book: Malaysia. Dipunakses 5 Februari 2013.
  2. ^ Tinjauan. Perhimpunan Bangsa-bangsa Asia Tenggara. Dipunakses tanggal 12 Februari 2013.
  3. ^ Daftar Negara Anggota. PBB. Dipunakses tanggal 12 Februari 2013
  4. ^ Anggota. Sekretariat Persemakmuran. Dipunakses tanggal 12 Februari 2013.
  5. ^ Kementerian Luar Negeri, Turki. Fakta dan Gambar D-8. Dipunakses ing 12 Februari 2013.
  6. ^ Majalah Time. A New Nation. 9 September 1957.
  7. ^ Paragraf 22. Singapura. Jalan menuju kemerdekaan. Divisi Penelitian Federal, Perpustakaan Kongres. Seri Buku Pegangan Wilayah/Pengkajian Negara. Departemen Angkatan Darat Amerika Serikat. Diakses pada 9 Desember 2006.
  8. ^ Majalah Time.The Art of Dispelling Anxiety. Agustus.
  9. ^ Paragraf 25. Singapura. Jalan menuju kemerdekaan. Divisi Penelitian Federal, Perpustakaan Kongres. Seri Buku Pegangan Wilayah/Pengkajian Negara. Departemen Angkatan Darat Amerika Serikat. Diakses pada 9 Desember 2006.
  10. ^ United Nations — Treaty No. 8029
  11. ^ Yang di-Pertuan Agong limrah dipunsebat "Raja", "Kepala", utawi "yang Agung"
  12. ^ Pasal 33. Konstitusi Malaysia.
  13. ^ Pasal 43. Konstitusi Malaysia.
  14. ^ Federation of International Trade Associations. Informasi Umum Malaysia. Dipunakses 5 Februari 2013.

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Malaysia&oldid=927423"