Pananggalan Gregorian

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Kalendher Gregorian)
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Pananggalan Gregorian utawa Kalèndher Gregorian iku pananggalan wektu sing paling akèh digunakaké ing Donya Kulon. Pananggalan iki sawijining modhifikasi saka Pananggalan Julian. Sing pisan ngusulaké iku ya dhoktor Aloysius Lilius, saka Napoli, Italia lan dituruti déning Paus Gregorius XIII ing titimangsa 24 Februari 1582.

Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julian digagas kurang akurat, amarga wiwitan musim semi (21 Maret) saya maju dadi, parayan Paskah sing wis disarujuki wiwit Konsili Nicea I ing taun 325 ora tepat manèh.

Banjur ing taun 1582, dina Setu 4 Oktober dituti karo dina Minggu 15 Oktober.

Prabédane karo Pananggalan Julian[sunting | Owah sumber]

Sawijining taun ing Pananggalan Julian suwéné ana 365,25 dina. Ananging amarga puteran bumi sing ngubengi srengéngé suwéné mung 365,2425 dina, mula saben sa-milenium, Kalèndher Julian kaluwihan 7 - 8 dina. Masalah iki dipecahaké carané nambahaké karo dina-dina kabisat sing rada séjé ing pananggalan anyar iki. Ing pananggalan Julian, saben taun sing bisa dibagi karo 4 dadi taun kabisat. Ananging ing pananggalan anyar iki mung taun sing bisa dibagi karo 100 dianggep taun kabisat, yen taun iki uga bisa dibagi karo 400. Contoné taun 1700, 1800 lan 1900 dudu taun-taun kabisat. Ananging taun 1600 lan 2000 iku taun kabisat.

Masalah anyar[sunting | Owah sumber]

Sawisé pananggalan Gregorian dicanangaké, ora kabèh negara gelem nganggo. Lagi pirang abad sawisé iki, mèh kabèh negara kulon gelem nganggo. Rusia contoné lagi gelem nganggo ing taun 1918. Dadi Revolusi Komunis Rusia sing saiki dipèngeti saben 7 November, diarani Revolusi Oktober.

Gereja Ortodoks nganthi saiki isih nganggo Pananggalan Julian.

Liya-liya[sunting | Owah sumber]

Wiwit tanggal 1 Januari 1622, 1 Januari ditetapaké dadi wiwitané taun. Sadurunge saben negara séjé-séjé.

Sasi-sasi taun[sunting | Owah sumber]

The knuckle mnemonic.

Saben taun dibagi dadi 12 sasi:

No. Jeneng Suwene dina
1 Januari 31
2 Februari 28 utawa 29
3 Maret 31
4 April 30
5 Mei 31
6 Juni 30
7 Juli 31
8 Agustus 31
9 September 30
10 Oktober 31
11 November 30
12 Desember 31

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Uga delengen[sunting | Owah sumber]