Swiss

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Motto: Unus pro omnibus, omnes pro uno  (tradisional)
(Latin: Satu untuk semua, semua untuk satu)
Lagu kabangsanMazmur Swiss
Cithakan:Map caption
Ibu kutha BernDe jure "federal city"; de facto capital. Because of historical federalist sensibilities, Swiss law does not designate a formal capital, and some federal institutions such as courts are located in other cities.</ref> (de facto)
46°57′N 7°27′E / 46.95°N 7.45°E / 46.95; 7.45
Largest city Zurich
Basa resmi Jerman (63.7 %),
Perancis (20.4 %),
Italia (6.5 %),
Romansh[1] (0.5 %)
Démonim Swiss
Pamaréntahan Republik Federal dengan Sistem Direktorial dan demokrasi langsung
 -  Dewan Federal Doris Leuthard
Eveline Widmer-Schlumpf
Ueli Maurer (Presiden 2013)
Didier Burkhalter(Wakil Presiden 2013)
Simonetta Sommaruga
Johann Schneider-Ammann
Alain Berset
 -  Kanselir Federal Corina Casanova
Legislatif Majelis Federal
 -  Majelis Dhuwur Dewan Negara
 -  Majelis Ngisor Dewan Nasionall
Merdeka
 -  Tanggal Pendirian 1 Agustus Traditional. The Federal Charter mentions only "early August" and the treaty is a renewal of an older one, now lost.</ref> 1291 
 -  de facto 22 September 1499 
 -  Diakui 24 Oktober 1648 
 -  Restorasi 7 Agustus 1815 
 -  Negara Federal 12 September 1848[2] 
Jembar
 -  Total 41.285 km2 (Ke-133)
15.940 sq mi 
 -  Banyu (%) 4.2
Pedunung
 -  2010 estimate 7,866,500[3] (Ke-95)
 -  2000 census 7,452,075
 -  Kapadhetan 188/km2 (Ke-65)
477,4/sq mi
PDB (KKB) 2011 estimate
 -  Total $321.898 Miliar[4] (ke-36)
 -  Per capita $45,265[4] (Ke-8)
PDB (nominal) 2011 estimate
 -  Total $512.065 Miliar[4] (Ke-19)
 -  Per capita $75,835[4] (Ke-4)
Gini (2000) 33.7 (medium)
IPM (2010) Increase 0.874[5] (sangat tinggi / ke-13)
Valuta Franc Swiss (CHF)
Zona wektu CET (UTC+1)
 -  Summer (DST) CEST (UTC+2)
Lajur kemudi kiri (kereta: kanan)
Kodhe tilpun +41
Internet TLD .ch

Konfederasi Swiss utawa jroning basa Latin Confoederatio Helvetica, yakuwi sawijining negara federal ing Eropah Tengah kang wewatesan karo Jerman, Prancis, Italia, Liechtenstein lan Austria. Swiss kuwi negara kang sebagéyan gedhé wilayahé dumadi saka Pegunungan Alpen. Swiss dikenal minangka negara netral nanging tetep nduwèni kerjasama internasional kang kuat.

Swiss kaperang dadi 26 kanton, sing nem kanton dianggap minangka "separo kanton" amarga kawiwitan saka pisahé telung kanton, lan dhampaké mung ana sakwakil ing Dewan Negara. Ibukutha negara iki Bern. Kutha-kutha wigati liyané yakuwi Zurich, kutha paling gedhé ing Swiss (kang dinobataké minangka kutha kang duwé kualitas urip paling apik ing donya nalika taun 2006[6] lan 2007[7].), lan Jenewa, kang dadi lokasi werna-werna badan internasional kayata PBB, WHO, ILO, lan UNHCR.

Swiss winatesan karo Jerman, Perancis, Italia, Austria lan krajan cilik Liechtenstein. Warga Swiss nururaké akèh basa lan ana papat basa resmi, yaiku basa Jerman, Perancis, Italia, lan basa Romansh kang kurang misuwur.

Swiss duweni akeh sajarah minangka negara kang nétral tanpa ndeleng perang utawa dhamai (lan ora tau melu perang marang pamréntah asing wiwit taun 1815). Mulané, Swiss didadékaké pamangku gati organisasi internasional apa waé kayata PBB, kang sanajan markas gedhéné mapan ing kutha New York City, nanging akèh ngedegaké kantor ing Swiss.

Jeneng Swiss ing basa Latin Confoederatio Helvetica kang tegesé Konfederasi Helvetika, dipilih kanggo ngéndhani pamilihan salah siji saka papat basa resmi Swiss (basa Jerman, Prancis, Italia, lan Romansh). TLD negarané, .ch, uga dijupuk saka jeneng iki. Swiss nandhai 1 Agustus 1291 minangka dina kamardhikané, kang wiwitané dadi negara gabungan, banjur dadi persekutuan wiwit taun 1848. 1 Agustus didadekaké dina prèi kanggo bank lan kantor pos sarta kantor administrasi umum uga ditutup.

Sistem pamrintahané pancèn nuduhaké keanékaragaman wargané. Minangka negara fèderal, dhémokrasiné asipat "langsung", nanging diwakili déning Majelis Fèdheral. Parlemen iki milih pitung wong kanggo dadi "pamrintah". Pitu wong iku menteri, mandhegani dhepartemen, lan salah sijiné dadi prèsidhén suwéné setaun ganténan. Prèsidhén digilir saben tauné.

Geografi[sunting | Owah sumber]

Warga Swiss kang cacahé watara 7,4 yuta jiwa manggon ing papan panggonan sing ambané 41.285 km² saéngga kapadetan negara mau 184 jiwa per km². Sacara umum, negara Swiss kapérang dadi telung tlatah, yaiku Pegunungan Alpen Swiss, Plato Swiss, lan Pegunungan Jura.

Sajarah[sunting | Owah sumber]

Sajarah Awal[sunting | Owah sumber]

Suku pisanan kang ana ing Swiss yaiku anggota budaya Hallstatt lan La Tène. Budaya La Tene ana lan ngrembaka suwene Abad Wesi kang pungkasan saka kira-kira taun 450 SM, kaya-kaya entuk pengaruh saka peradaban Yunani lan Etruska. Salah siji klompok suku paling penting ing Swiss yakuwi Helvetii. Ing taun 15 SM, Tiberius I, kang arep nyalon dadi Kaisar Romawi kaping pindho, lan sedulure Drusus, bisa kasil naklukake Pegunungan Alpen, nggabungake kelorone marang Kekaisaran Romawi. Dhaerah kang dipanggoni suku Helvetii – banjur dijenengi Confoederatio Helvetica. Confoederatio Helvetica ing pisanan dadi bagian Provinsi Gallia Belgica Romawi banjur dipindhah Germania Superior. Dene bagian wetan Swiss modern digabungake menyang Provinsi Raetia.

Ing Abad Pertengahan Awal, saka abad kaping 4, panambahan dawa arah kulon Swiss modern dadi dhaerah Raja Burgundia. Suku Alemani mapan ing dataran dhuwur Swiss ing abad kaping 5 lan lembah Alpen nalika abad kaping 8, mbentuk Alemania. Swiss modern banjur kaperang dadi Kerajaan Alemannia lan Burgundia. Sakabehing dhaerah iku dadi bagian Kekaisaran Frankia ing abad kaping-6, nyusul kamenangan Chlodwig I saka Alemanni ing Tolbiac nalika taun 504, banjur bangsa Frankia ndominasi Burgundia.

Saka taun 561, Raja Guntram saka Merovingia, putune Chlodwig I, marisi Kerajan Burgundia Frankia, kang ambane saka kulon adohe meh tekan Kali Rhein. Ing sisih wetane, suku Alamanni diprintah sangisore kadipaten nominal ing Frankia, amarga bangsa Frankia ngisi kalodhangan akibat mudhune pencapaian Bizantium Romawi menyang kulon. Saka masa iki, bangsa Frankia lagi miwiti mbentuk watak tritunggal kang bakal nyirikake sisa sajarahe. Dhaerah iki banjur kaperang dadi Neustria ing sisih kulon (mung diarani minangka Frankia nalika semana; jeneng Neustria ora tinulis ing tulisan nganti 80 taun sabanjure), Austrasia di sisih wetan segara lan Burgundia.

Sasuwene abad kaping-6 lan wiwitan abad kaping-7, kawasan Swiss ana ing sangisore hegemoni Frankia, karo bangsa Frankia kang asring ana perselisihan perkara suksesi ing sub-kerajaan Frankia (kang raja-rajane isih nduweni gegayutan saseduluran). Nalika taun 632, Chlothar II mati, sakabehing wilayah Frankia didadekake siji nanging mung sedhela ing ngisore Dagobert I, kang dianggep raja kang pungkasane Merovingia kang bisa nglakoni tugas krajaan. Nalika dipandhegani Dagobert I, Austrasia ngagitasi pamrentahane dhewe kanggo piranti ngadhepi pengaruh Neustria, kang ndominasi mahkamah krajaan. Dagobert dipeksa dening aristokrat Austrasia kang kuwat kanggo ngangkat anake kang isih bayi, Sigibert III, supaya dadi raja ngisorane Austrasia nalika taun 633. Kakurangan pamrentahan anyar iku dadi nyata, lan mandhegani negara-negara kang ditundukake dening bangsa Frankia kang wis mikirake untung-rugi pemberontakan. Sawise Sigibert III dikalahake militere dening Radulf, Raja Thüringen ing taun 640, suku Alemani uga mberontak marang kakuasaan Frankia. Masa kamardhikan Allemani sabanjure nganti tekan pertengahan abad kaping 8.

Wali Istana diangkat dening Raja Frankia minangka pejabat pengadilan wiwit awal abad kaping 7 supaya dadi penengah antarane raja lan rakyat. Nanging, sedane Dagobert I ing taun 639, kanthi pewaris mahkota kang isih balita ing Neustria (Chlodwig II—yuswane 2 taun) lan Austrasia (Sigibert III—yuswane watara 4 taun), para pejabat iku entuk kekuasaan kang luwih gedhe. Ing pungsakasane, mungkasi kekuasaan penguasa Merovingia, lan ngebut tahta Frankia. Langkah pisanan kang dilakoni Wali Istana Austrasia, Grimoald I, ngeyakinake Sigibert III kang ora duwe anak supaya ngadopsi puterane dhewe Childebert si Anak Pungut minangka pewaris tahta.

Nalika iku ing istana Neustria, Wali Istana Erchinoald, lan penggantine, Ebroin, uga nambah kekuasaannya ing sakmburine Chlodwig II, lan penggantine Chlothar III. Ebroin nggabungake dadi siji maneh Kerajan Frankia kanthi ngalahake lan ngusir Childebert (lan Grimoald) saka Austrasia ing taun 661.

Jejulukan kang asring dienggo negara Swiss ing basa Perancis (Confédération suisse), basa Italia (Confederazione Svizzera), lan basa Romansh (Confederaziun svizra) diterjemahake minangka "Konfederasi Swiss"). Schweizerische Eidgenossenschaft iku istilah basa Jermane kang ana ing dhokumen resmi. Jeneng Latine "Confœderatio Helvetica" (Konfederasi Helvwtia) lan TLD negarae "ch" kanggo internet lan plat montor gegayutan karo Helvetii, suku Keltik kuno kang ora tau mapan ing pegunungan Alpen.

Konfederasi Swiss Kuno[sunting | Owah sumber]

Konfederasi Swiss Kuno iku persekutuan antarane komunitas-komunitas lembah Alpen tengah. Konfederasi iku masilitasi pengelolaan kepentingan umum (perdagangan bebas) lan lnjamin keamanan jalur perdagangan gunung kang penting. Piagam Federal 1291 kang disetujui dening komune pedesaan Uri, Schwyz, lan Unterwalden dianggap minangka dhokumen nalika ngedegake konfederasi; sanajan persekutuan kang meh padha kayane wis ana ing pirang-pirang dasawarsa sadurunge.[8]

Saka taun 1353, telung kanton kang asli wisdigabungake karo Glarus lan Zug lan negara-negara kutha Luzern, Zurigo lan Bern kanggo nggawe "Konfederasi Kuno" saka 8 negara kang ana nganti tekan pungkasane abad kaping 15. Ekspansi iku ndadekake peningkatan kekuasaan lan kemakmuran federasi kuwi. Saka taun 1460, konfederasi iku ngatur sabageyan akeh wilayah kidul lan kulone Rhein nganti tekan Pegunungan Alpen lan Jura, khususe sawise menang saka Wangsa Habsburg (Pertempuran Sempach lan Näfels), dening Charles sang Pemberani saka Burgundia sasuwene taun 1470-an, lan kasilan serdadu sewaan Swiss. Menange Swiss ing Perang Swabia marang Liga Swabia Kaisar Maximilian I ing taun 1499 nganti tekan kamardhikan de facto saka Kekaisaran Romawi Suci.

Konfederasi Swiss Kuno wisentuk reputasi minangka pilih tandhing marang perang-perang kang pisanan mau, nanging ekspansi federasi ngalami kamunduran ing taun 1515 amarga kalahe Swiss ing Pertempuran Marignano, kang mungkasi jaman "heroik" ing sajarah Swiss. Kasile Reformasi Zwingli ing pirang-pirang kanton ndadekake perang antar-kanton ing taun 1529 lan 1531 (Kappeler Kriege). Durung ana 100 taun sabanjure, ing taun 1648, ing Prejanjèn Westfalen, negara Eropa ngakoni kamardhikane Swiss saka Kekaisaran Romawi Suci lan kanetralane (ancien régime).

Sasuwene jaman modern ing sajarah Swiss, otoritarianisme kang lagi ngrembaka ing kaluwarga patrisiat lan krisis keuangan nalika Perang Tiga Puluh Tahun, marakake perang petani Swiss taun 1653. Kanthi latar wuri perjuangan iki, konflik antarane kanton Katolik lan Protestan sansaya ndadi, ndadekake kekerasan ing Pertempuran Villmergen nalika taun 1656 lan 1712.

Era Napoleon[sunting | Owah sumber]

Nalika taun 1798, pasukan Revolusi Prancis bisa naklukake Swiss lan ngedegake konstitusi anyar kang seragam, kang munjeri pamrentahan negri lan mbusak kanton. Rezim anyar kuwi dijenengi Republik Helvetia, ora kondhang banget. Negeri iki diatur dening pasukan penyerang asing lan ngurusak tradhisi kang wis ana pirang-pirang abad kepungkur, ndadekake Swiss ora luwih negara satelite Perancis. Penindasan Perancis nalika Pemberontakan Nidwalden ing sasi September 1798 kuwi tuladha anane penindasan dening Angkatan Dharat Perancis lan perlawanan penduduk marang mapane Angkatan Dharat Perancis kuwi.

Nalika perang antarane Perancis lan saingane, angkatan Rusia lan Habsburg nyerang Swiss. Nalika taun 1803, Napoleon ngatur pertemuan politikus Swiss saka rong pihak ing Paris. Asile yaiku UU Mediasi kang akeh mbenerake otonomi Swiss lan nepungake konfederasi 19 kanton. Sawise kuwi, akeh politik Swiss kang bakal nyeimbangake tradhisi kanton marang pamrintahane dhewe kanthi keperluan pamrintahan pusat.

Ing taun 1815, Kongres Wina tenanan mulihake kamardhikane Swiss lan negara Eropa sarujuk ngakoni kenetralan Swiss sacara tetep. Perjanjian kuwi nandhakake nalika Swiss perang kang pungkasan ing konflik internasional. Perjanjian kuwi uga bisa ndadekake Swiss menambah wilayahe, kanthi mlebune Kanton Valais, Neuchâtel, lan Jenéwa – iki kang pungkasane negara Swiss nambah wilayah.

Negara federal[sunting | Owah sumber]

Restorasi kekuasaan menyang patrisiat mung sawetara. Sawise huru-hara kang bola-bali kedaden kayadene Züriputsch nalika taun 1839, ndadekake perang sedulur ing antarane kanton Katolik lan kanton-kanton liyane ing taun 1847 (Sonderbundskrieg). Perang kuwi kelakon suwene sesasi, lan korbane kurang saka 100 wong. Sonderbundskrieg ora ana apa-apane yen dibandhingake karo perang lan kerusuhan ing Eropa liyane ing abad kaping-19. Sonderbundskrieg marakake dampak psikologi kang gedhe marang masyarakat Swiss. Perang kuwi ndadekake kabeh warga Swiss gerti perlune persatuan lan kekuatan marang tangga-tangga negarane ing Eropa. Warga Swiss sakabehing tingkatan masyarakat, embuh Katolik, Protestan, aliran liberal utawa konservatif, sadhar yen kanton-kanton kuwi bakal akeh nguntungake yen kepentingan ekonomi lan keagamaane digabungake dadi siji. Saka warga kang ndukung kekuatan kanton (Sonderbund Kantone), majelis nasional diperang dadi majelis dhuwur (Dewan Negara Swiss) lan majelis ngisor (Dewan Nasional Swiss). Kamangka, kepentingan federasionalis uga dipritungake. Swiss ngadopsi konstitusi federal lan penggunaan referendum (kuwajiban saben amandemen konstitusi) ing taun 1848. Konstitusi kuwi nyawisi kekuasaan pusat kanggo pamrentahane dhewe nalika ucul saka kanton. Nalika taun 1850, franc Swiss dadi mata uang tunggal Swiss. Konstitusi kuwi diamandemen ing taun 1874 kanggo ngadhepi sansaya tambahe penduduk lan Révolusi Industri. Konstitusi kuwi nepungake referendum fakultatif kanggo hukum ing tingkat federal. Konstitusi kuwi uga nemtokake tanggung jawab federal kanggo pertahanan, dol tinuku, lan perkara hukum.

Ing taun 1891, konstitusi kuwi direvisi kanthi unsur kuat marang demokrasi langsung, kang isih unik nganti tekan saiki. Wiwit kuwi, perbaikan politik, ekonomi, lan sosial kang isih kelakon wis menehi pratandha ing sajarah Swiss.

Sejarah modern[sunting | Owah sumber]

Swiss ora diserang sasuwene keloron Perang Dunia. Sasuwene Perang Donya I, Swiss dadi panggonan uripe Vladimir Illych Ulyanov (Lenin) lan isih manggon ing kana nganti tekan taun 1917.[9] Kenetralan Swiss asring ditakonake saka anane prastawa Grimm-Hoffmann ing taun 1917, nanging mung sedhela. Ing taun 1920, Swiss gabung karo LBB, lan Dewan Eropa ing taun 1963.

Sasuwene Perang Donya II, rencana serangan disiapake dening Jerman,[10] nanging Swiss ora tau diserang. Swiss bisa tetem mardhika liwat gabungan pencegahan militer, konsesi ekonomi menyang Jerman, lan nasib apik amarga prastawa kang luwih gedhe sasuwene perang ngenteni misi kuwi. Percobaan dening Partai Nazi Swiss sing cilik kareben ana Anschluss dening Jerman, gagal total. Pers Swiss ngkritik yen Reich Kaping Telu, asring gawe mangkel pimpinane. Nalika dipandhegani Jenderal Henri Guisan, mobilisasi massal angkatan militan ditumindakake. Strategi militer Swiss owah saka salah siji pertahanan statis ing winatesan kanggo nglindhungi jantung ekonomi dadi strategi pergeseran jangka dawa kaorganisasi lan panarikan marang kedudukan kang kuwat lan terbekali kanthi apik ing dhuwur Pegunungan Alpen kang dikenal kanthi sesebutan Réduit. Swiss dadi markas penting kanggo mata-mata pihak kekarone sasuwene konflik lan asring dadi penengah komunikasi antarane Blok Poros lan Sekutu.

Dol tinuku Swiss diblokir dening Sekutu lan Blok Poros. Kerja sama ekonomi lan tambahan utangan marang Reich Kaping Telu akeh maceme miturut invasi kang dirasakake, lan anane mitra dagang liyane. Konsesi puncake seminggu sawise jaringan KA penting ngliwati Perancis Vichy diperparah ing taun 1942, marakake Swiss dikupengi dening Sekutu. Sadawane dalan perang, Swiss nahan luwih saka 300.000 pengungsi, 104.000 pasukan asing, diinternir miturut Hak lan Kuwajiban Blok Netral kang digarisi ngisore ing Konvensi den Haag. 60.000 pengungsi kuwi penduduk sipil kang slamet saka penyiksaan Nazi. Saka kabeh kuwi, 26.000-27.000 iku wong Yahudi. Nanging, kebijakan imigrasi lan suaka kang ketat kayadene hubungan keuangan karo Jerman Nazi malah ndadekake kontroversi.[11] Nalika perang, Angkatan Udara Swiss nggunakake montor mabur ing rong pihak, nembaki 11 montor mabur Luftwaffe kang ngganggu nganti tiba ing wulan Mei lan Juni 1940, uga pengganggu liyane sawise owahe kebijakan disusul ancaman saka Jerman; luwih saka 100 montor mabur pengebom Sekutu lan awake diinternir nalika perang. Antarane taun 1944-1945, pengebom Sekutu ngebom ngawur ing kutha Schaffhausen (mateni 40 jiwa), Stein am Rhein, Vals, Rafz (18 jiwa mati), lan kang paling ora misuwur, ing tanggal 4 Maret 1945 Basilea lan Zürich dibom.

Kanton[sunting | Owah sumber]

Konfederasi Swiss kabagi jroning 26 kanton, yaiku:

Basa[sunting | Owah sumber]

Basa ing Swiss:
Jerman Standar Swiss lan Jerman Swiss (63,7%),
Perancis, Franche-Comte lan Arpitan (19,2%),
Italia lan Lombardia (7,6%),
Romansh (0,6%)

Basa kang ana ing negara Swiss:

Demografi[sunting | Owah sumber]

Swiss dumunung ing antarané werna-werna kabudayan Eropah kang sabanjuré mengaruhi negara iki. Ana telu basa resmi nasional yaiku basa Jerman, Prancis, lan Italia; sarta siji basa resmi lokal, basa Romansh. Pamaréntah federal wajib migunakaké katelu basa resmi mau lan ing parlemen disediaké penterjemah. Saben pelajar Swiss kudu nyinaoni salah siji basa resmi liyané, saéngga akèh pedunungé kang bisa wicara rong basa (bilingual). Amarga akèhé pedunung lan pekerja manca (watara 20%), basa Inggris uga akèh dipigunakaké.

Agama kang paling akèh dianut ing Swiss yakuwi Katulik Roma kang dianut déning 43% populasi. Ana uga penganut agama Protestan watara 35% lan imigrasi nggawa mlebu agama Islam (4%) lan Ortodoks Timur 2%.

Politik[sunting | Owah sumber]

Swiss iku kalebu negara republik federal.

Legislatif[sunting | Owah sumber]

  1. Dewan Nasional
  2. Dewan Negara

Eksekutif[sunting | Owah sumber]

Swiss dadi negara federal wiwit taun 1948. Swiss nganut sistem demokrasi langsung, lan pamrentahane kaperang dadi 7 anggota kang dipilih dening Federal Assembly. Pitu wong kasebut uga mandhegani departemen utama. Statuse bisa uga diarani menteri. Pitu wong kasebut gantian dadi presiden. Jabatan minangka presidhene, saben wong suwene setaun.

Negara Swiss ambane 41.400 Km2 dipimpin kanthi kolektif dening presidium kang kaperang saka pitu wong. Ketua presidium kang digilir iku mangku jabatan presidhen. Kanthi sistem federal, negara federale diarani canton. Ana 26 kanton kang ana ing Swiss. Ana 17 canton yaiku canton Swiss-Jerman (basa Jerman), 4 canton Swiss-Romande (basa Perancis), 1 canton basa Itali (Ticino), 3 canton bilingual Perancis-Jerman, lan 1 canton (Graubünden) trilingual Jerman, Italia lan Rumantsch. Kaya mangkono kang ndadekake Swiss nduweni papat basa.

Canton-canton iki nduweni otonomi kang amba kaya dene sistem negara federal. Canton-canton iki nggawe aturan daerah dhewe. Masalah internasional, kehakiman, pertahanan, keuangan negara dicekel dening pamrentahan pusat. Dene anggota parlemen (Federal assembly) asale saka utusan canton. Canton-canton iki kang bakale nemtokake pitung menteri utama kang bakal dadi presidhen kanthi gantian. Presidhen minangka kepala negara uga ngrangkep minangka kepala pamrentahan (Perdana Menteri).

Delengen uga[sunting | Owah sumber]

Réferènsi[sunting | Owah sumber]

  1. ^ Federal Constitution, article 4, "National languages" : National languages are German, French, Italian and Romansh; Federal Constitution, article 70, "Languages", paragraph 1: The official languages of the Confederation are German, French and Italian. Romansh shall be an official language for communicating with persons of Romansh language.
  2. ^ A solemn declaration of the Tagsatzung declared the Federal Constitution adopted on 12 September 1848. A resolution of the Tagsatzung of 14 September 1848 specified that the powers of the institutions provided for by the 1815 Federal Treaty would expire at the time of the constitution of the Federal Council, which took place on 16 November 1848.
  3. ^ "Population size and population composition". Swiss Federal Statistical Office. Swiss Federal Statistical Office, Neuchâtel. 2010. http://www.bfs.admin.ch/bfs/portal/en/index/themen/01/02/blank/key/bevoelkerungsstand.html. Retrieved 2011-04-29.
  4. ^ a b c d "Switzerland". International Monetary Fund. http://www.imf.org/external/pubs/ft/weo/2010/01/weodata/weorept.aspx?sy=2007&ey=2010&scsm=1&ssd=1&sort=country&ds=.&br=1&c=146&s=NGDPD%2CNGDPDPC%2CPPPGDP%2CPPPPC%2CLP&grp=0&a=&pr.x=84&pr.y=8. Retrieved 2010-04-21.
  5. ^ "Human Development Report 2010". United Nations. 2010. http://hdr.undp.org/en/media/HDR_2010_EN_Complete.pdf. Retrieved 4 November 2010.[pranala nonaktif]
  6. ^ http://www.citymayors.com/features/quality_survey.html
  7. ^ http://www.mercerhr.com/knowledgecenter/reportsummary.jhtml/dynamic/idContent/1128060#top50all
  8. ^ Schwabe & Co.: Geschichte der Schweiz und der Schweizer, Schwabe & Co 1986/2004. ISBN 3-7965-2067-7 (de)
  9. ^ Deleng Vladimir Lenin
  10. ^ (en)Let's Swallow Switzerland dening Klaus Urner (Lexington Books, 2002).
  11. ^ (en)The Bergier Commission Final Report, halaman 117.

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Swiss&oldid=927652"