Basa Rusia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Basa Rusia(русский язык)
Dipituturaké ing: Rusia, dan negara-negara pecahan Uni Soviet
Daerah: Eropa Wétan lan Asia Lor
Gunggung penutur: 300 yuta
Rangking: 4 - 7
Klasifikasi
genetik:
Basa Indo-Eropa

 Basa Slavik
  Basa Slavik Timur
   Basa Rusia

Status Resmi
Basa Resmi: Rusia, Belarus, Ukraina, Kazakhstan lan PBB
Diatur déning: Akademi Sains Rusia lan Institut Basa Rusia
Kode Bahasa
ISO 639-1: ru
ISO 639-2(B): rus
SIL: RUS

Basa Rusia (русский язык /'ruski ja'zik/) kuwi basa Slavik sing paling akèh dipituturaké.

Basa Rusia klebu klompok basa-basa Slavik rumpun basa Indo-Eropa, lan duwé kerabat antara liya karo basa Sangskreta, Yunani, lan Latin.

Jroning rumpun basa Slavik, basa Rusia paling cedhak karo karo basa-basa Slavik Wétan, yaiku Basa Belarus lan Basa Ukraina. Kayadéné kaloro basa pungkasan iku, basa Rusia migunakaké abjad Sirilik sing dumadi saka 33 aksara sing diciptakaké déning loro tokoh Slavik yakuwi Kirill (Cyril) lan Methodius (abad IX-X) adhedhasar abjad Yunani. Salah siji basa resmi PBB. Dipigunakaké minangka basa perantara (lingua franca) ing republik-republik tilas Uni Soviet. Cacahé penutur basa Rusia kuwi luwih saka 250 yuta (1990). Basa Rusia uga sugih karya sastra.

Basa resmi[sunting | Owah sumber]

Basa Rusia minangka basa resmi kanggo Rusia. Basa Rusia uga minangka basa resmi ing Kazakhstan, Kirgistan lan Belarusia, lan minangka basa resmi de-facto ing Abkhazia lan Ossetia Kidul. 97% sekolah ing Rusia ,75% ing Belarusia ,41% ing Kazakhstan, 25% ing Ukraina, 23% ing Kirgistan, 21% ing Moldaviaa, 7% ing Azerbaijan, 5% ing Georgia lan 2% ing Armenia lan Tajikistan nganggo basa Rusia minangka basa ing sekolah.

Sistem panulisan[sunting | Owah sumber]

Abjad[sunting | Owah sumber]

Abjad Rusia asalé saka abjad Sirilik sing dimodifikasi. Abjad Rusia cacahé ana 33 aksara. Tabel ing ngisor arupa abjad lan cara pangucapané.

А
/a/
Б
/b/
В
/v/
Г
/g/
Д
/d/
Е
/je/
Ё
/jo/
Ж
/ʐ/
З
/z/
И
/i/
Й
/j/
К
/k/
Л
/l/
М
/m/
Н
/n/
О
/o/
П
/p/
Р
/r/
С
/s/
Т
/t/
У
/u/
Ф
/f/
Х
/h/
Ц
/ʦ/
Ч
/ʨ/
Ш
/ʂ/
Щ
/ɕː/
Ъ
/-/
Ы
[ɨ]
Ь
/◌ʲ/
Э
/e/
Ю
/ju/
Я
/ja/


Referensi[sunting | Owah sumber]


Delengen uga[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Wiktionary-logo-en.png
Pirsani informasi ngenani Basa Rusia ing KamusWiki.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Rusia&oldid=927979"