Bangladesh

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
গনপ্রজাতন্ত্রী বাংলাদেশ
Gôno Projatontri Bangladesh
Motto: 
Lagu kabangsanAmar Shonar Bangla
Ibu kutha
and largest city
Dhaka
Basa resmi Bengali
Pamaréntahan Republik parlementer
Kamardikan
 -  Banyu (%) 7%
Pedunung
 -  2006 estimate 147.365.352 (7)
 -  - census -
PDB (KKB) 2005 estimate
 -  Total US$279,7 miliar (32)
 -  Per capita US$1.995 (151)
Valuta Taka (BDT)
Zona wektu (UTC+6)
 -  Summer (DST)  (UTC+6)
Kodhe tilpun 880
Internet TLD .bd

Bangladesh iku sawijining negara ing bawana Asia. Pedhunungé cacahé kira-kira ana 147.365.352 jiwa lan jembaré negara ana 144.000 km2. Negara iki dunungé ana ing tlatah Asia Kidul sing wewatesan karo India ing sisih kulon, lor lan wétan, Myanmar ing sisih kidul-wétan, lan Teluk Benggala ing sisih kidul. Bangladesh, bebarengan karo Benggala Kulon ing India, mbentuk kawasan etno-linguistik Benggala. Bangladesh (বাংলাদেশ) sacara harfiah maknané "Negara Bangla". Ibu kutha lan kutha paling gedhé ing Bangladesh yaiku Dhaka.

Tapel wates Bangladesh ditetepaké liwat pamisahan India ing taun 1947. Negara iki wiwitané minangka sayap wétan saka Pakistan (Pakistan Wétan) sing kapisah saka sayap kulon 1.600 kilomèter adohé. Diskriminasi pulitik, basa, lan ékonomi nuwuhaké perpecahan antara kaloro sayap, sing pungkasané njeblugaké perang kamardikan taun 1971 lan madegé negara Bangladesh.

Pamérangan administratif[sunting | Owah sumber]

Divisi-divisi ing Bangladesh.

Bangladesh kapérang dadi pitung divisi (bibhag)[1][2] sing dijenengi miturut jeneng ibu kuthané: Barisal (বরিশাল), Chittagong (চট্টগ্রাম), Dhaka (ঢাকা), Khulna (খুলনা), Rajshahi (রাজশাহী), Sylhet (সিলেট), dan Rangpur (রংপুর).

Divisi kapérang manèh dadi distrik (zila). Ana watara 64 distrik ing Bangladesh. Saben distrik kapérang dadi upazila (sub distrik) utawa thana (stasiun pulisi). Saben stasiun pulisi, kajaba sing ana ing dhaérah metropolitan, dipérang manèh dadi sawetara kesatuan. Kesatuan-kesatuan iki dumadi saka akèh désa-désa. Ing wilayah metropolitan, stasiun pulisi kapérang dadi ward, sing dipérang manèh dadi mahallas. Ora ana pejabat kapilih ing tingkat divisi, distrik utawa upazila, lan pamaréntahan mung dumadi saka pejabat pamaréntah. Pamilihan langsung sing milih ketua lan sawetara anggota dianakaké ing saben kesatuan (utawa ward).

Dhaka iku minangka ibu kuthaa lan kutha paling gedhé ing Bangladesh. Kutha utama liyané yaiku Chittagong, Khulna, Rajshahi, Sylhet, Barisal, Bogra, Comilla, Mymensingh lan Rangpur. Ing kutha-kutha kasebut dianakaké pamilihan walikutha, lan ing munisipalitas liyané milih ketua. Walikutha lan ketua nduwèni mangsa jabatan limang taun.

Kutha Populasi kutha (kira-kira 2008)[3] Populasi metro (kira-kira 2008)[3]
Dhaka 7.000.940 12.797.394
Chittagong 2.579.107 3.858.093
Khulna 855.650 1.388.425
Rajshahi 472.775 775.495
Sylhet 463.198 -
Barisal 210.374 -
Rangpur 251.699 -

Geografi lan iklim[sunting | Owah sumber]

Citra Bangladesh saka satelit.
Pemandangan Cox's Bazar.
Kapal ing Jaflong, Sylhet.

Bangladesh dumunung ing Delta Kali Gangga-Kali Brahmaputra. Delta iki kabentuk déning patemon Kali Gangga (jeneng saenggon Padma utawa Pôdda), Brahmaputra (Jamuna utawa Jomuna), Meghna, lan anak-anak kali sing mili saka Himalaya. Tanah aluvial sing dienepaké déning kali-kali iku nyiptakaké dharatan sing subur.

Sebagéyan gedhé Bangladesh dumunung ana ing 12 meter sangisoré lumahing segara, lan diprecaya watara 50% lemah bakal banjir yèn lumahing segara mundhak nganti 1 m. [4]

Rujukan[sunting | Owah sumber]

  1. ^ <http://www.bdnews24.com/details.php?cid=2&id=151976&hb=top>
  2. ^ CIA World Factbook 2007
  3. ^ a b "Statistical pocket book Bangladesh – 2008". Bangladesh Bureau of Statistics. http://www.bbs.gov.bd/dataindex/pby/pk_book_08.pdf. Retrieved 2009-10-10.
  4. ^ Ali, A (1996). "Vulnerability of Bangladesh to climate change and sea level rise through tropical cyclones and storm surges". Water, Air, & Soil Pollution 92 (1-2): 171-179.

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Temokna informasi luwih akèh ing Bangladesh kanthi nggolèki ing proyèk kagandhèng Wikipedia
Wiktionary-logo-en.png Dictionary definitions saka Wiktionary
Wikibooks-logo.svg Textbooks saka Wikibooks
Wikiquote-logo.svg Quotations saka Wikiquote
Wikisource-logo.svg Source texts saka Wikisource
Commons-logo.svg Images and media saka Commons
Wikinews-logo.svg News stories saka Wikinews
Wikiversity-logo-en.svg Learning resources saka Wikiversity


Negara-negara ing Asia Kidul

Bangladesh | Bhutan | India | Maladewa | Nepal | Pakistan | Sri Lanka


Asosiasi Kerjasama Regional Asia Kidul (SAARC) Logo of SAARC.svg
Bangladesh | Bhutan | India | Maladewa | Nepal | Pakistan | Sri Lanka | Afghanistan
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bangladesh&oldid=927501"