Listrik

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Petir salah sijine wujud listrik

Kalistrikan yaiku sipat barang kang metu saka anane muatan listrik.[1] Listrik uga bisa ditegesi kaya ing ngisor iki:

  • Listrik yaiku kahanan saka partikel subatomik tartamtu, kaya elektron lan proton, kang nyebabake narik lan mentale gaya ing antarane.[1]
  • Listrik yaiku sumber energi kang disalurake jalaran kabel.[1] Arus listrik ana amerga ana muatan listrik kang ngalir saka saluran positif menyang saluran negatif.[1]

Bareng karo magnetisme, listrik nggawe interaksi fundamental kang diarani elektromagnetisme.[2] Listrik bisa kedaden amerga akeh fenomena fisika kang akeh dingerteni, kaya petis, medan listrik lan arus listrik.[2] Listrik digunakake ing industri kaya elektronik lan tenaga listrik.[2]

Sipate listrik[sunting | Owah sumber]

Listrik nyebabake munggahe patang gaya dhasar kang alami lan sifate kang ajeg ing barang kang bisa diukur.[2] Ana ing kasus iki, frasa “jumlah listrik” uga digunakake frasa “muatan listrik” lan uga “jumlah muatan”.[2] Ana rong jinis muatan listrik yaiku positif lan negatif.[2] Saka eksperimen, muatan kang padha jinise bakal padha-padha nulak lan muatan kang beda jinise bakal tarik-tarikan.[2] Gedhe ne gaya tarikan lan tulakan iku ditetepake dening hukm Coulomb. Ana efek saka listrik kang dirembug ing fenomena listrik lan elektromagnetik.[2]

Satan uni SI saka muatan listrik yaiku coulomb, kang duwe singkatan “C”.[2] Simbole Q digunakake ing persamaan kanggo ngewakili kuantitas listrik utawa matan.[2] Tuladhane, “Q=0,5 C” tegese “kuantitas muatan listrike yaik 0,5 coulomb”.[2]

Yen listrik ngalir saka bahan khusus, kaya wolfram lan tungsten, cahaya pijar kang dipancarake dening logam kuwi.[2] Bahan-bahan kaya ngono dianggo ing lampu bohlam.[2]

Saben listrik ngalir mawa bahan kang ora duwe hambatan, mula bakal diculake panas.[1] Saya gedhe arus listrike, mula panas kang metu bakal san saya dhuwur.[1] Sipat iki dianggo ing elemen setrika lan kompor listrik.[1]

Cathetan Suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ a b c d e f g (id)pengertian listrik (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m (id)pengertian arus listrik (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Listrik&oldid=836002"