Yunani

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ελληνική Δημοκρατία
Ellinikí Dhimokratía
Motto: Ελευθερία ή Θάνατος
(Yunani: "Merdeka atau Mati")
Lagu kabangsanImnos pros tin Eleftherian
Ibu kutha
and largest city
Atena
Basa resmi Yunani
Pamaréntahan Republik
Kamardikan
 -  Banyu (%) 0,86%
Pedunung
 -  2005 estimate 10.668.354 (75)
 -  - census -
PDB (KKB) 2005 estimate
 -  Total US$223,5 miliar (37)
 -  Per capita US$20.362 (34)
Valuta Euro 1 (EUR)
Zona wektu (UTC+2)
 -  Summer (DST)  (UTC+3)
Kodhe tilpun 30
Internet TLD .gr
Peta Yunani

Yunani (basa Yunani: Ελλάδα Elládha utawa Ελλάς Hellás), sacara resmi disebut Republik Hellenik (Elliniki Dimokratia), yakuwi negara panggonan lairé budhaya Donya Kulon kang dunungé ana ing Eropah bagéyan kidul.

Warga Yunani ngarani negarané dhéwé Hellas, lan ing lafaz modèrn disebut Ellas. Jroning basa sadina-dina aran Ellada kang dianggo. Jeneng Greece jroning basa Inggris lan jeneng liyané sing mèh padha, dijupuk saka jeneng basa Latin, Graecia, kang asalé saka sawijining tlatah kang saiki dumunung ana ing Yunani sisih lor, lan dinggoni déning wong-wong Graekos.

Déné jeneng kang dianggo ing sajroning basa Indonesia, Yunani, asal saka basa Arab, jupuk saka jeneng Ionia.


Ekonomi[sunting | Owah sumber]

Yunani nduwèni sistim ekonomi kapitalis campuran karo sektor publik kang nyumbang watara setengah saka PDB. Pariwisata nduwé peran kang wigati, nyediaaké porsi gedhé tumrap GDP lan pengasilan saka pertukaran dhuit manca. Yunani uga minangka pemimpin donya ing babagan perkapalan (nomer siji ing deduwènan kapal lan nomer telu ing registrasi gendéra) [1]. Ekspor barang produksi, klebu telekomunikasi, perangkat lunak lan keras, bahan panganan, lan bahan bakar dadi bagéyan gedhé pengasilan Yunani.

Negara iki nduwé standar urip kang dhuwur, ana ing urutan ka-24 jroning Indèks Pembangunan Manungsa]] 2005 lan ka-22 jroning Indèks Kualitas Urip Donya 2005 versi The Economist [2]Ekonominé terus ningkat jroning taun-taun pungkasan iki, amarga kawicaksanan pamaréntah kang ngetataké fiskal kanggo nglebokaké Yunani ing sajroning Zona Euro wiwit tanggal1 Januari 2001. Pendapatan per kapita rata-rata taun 2004 kira-kira AS$22.000 [3] Yunani uga ngimpor tenaga kerja (akèh-akèhé saka Eropah Wétan, Timur Tengah, Pakistan, lan Afrika). Wong-wong saka tlatah mau saiki cacahé watara 10% saka populasi total.


Demografi[sunting | Owah sumber]

Miturut sensus taun 2001, Yunani nduwèni populasi 10.964.020. 58,8% manggon ing kutha, lan mung 28,4% manggon ing padésan. Populasi ing kutha-kutha paling gedhé ing Yunani, yakuwi Atena lan Thesaloniki, watara 4 yuta. Senajan populasi Yunani tetep nambah, Yunani ngadhepi masalah demografik serius: 2002 mujudaké taun pisanan ing ngendi cacahé sing mati ngluwihi cacahé kalairan.

Cacahé imigran kang manggon ing Yunani wektu iki, kira-kira luwih saka sak yuta jiwa. Watara 65% asal saka Albania, lan migrasi skala gedhèn gedhènan saka Albania menyang Yunani dadi sumber konflik amarga tapel wates Yunani-Albania dibukak tanpa persiapan saka péhak pamaréntah Yunani bab fasilitas imigran. Warga Albania sering di-diskriminasèkaké lan di-èksploitasi ing Yunani, lan pungkasan iki uga olèh julukan minangka kang gawé masalah lan kriminal. Nanging saiki akèh warga Yunani kang gelem ngakoni kontribusi imigran mau tumrap ekonomi Yunani. Ana sawetara imigran saka Bulgaria, Serbia, Rumania, Pakistan, Ukraina, Belarus, Polandia, Mesir, Palestina, Ethiopia, Bangladesh, Republik Rakyat Tiongkok lan Georgia. Cacahé ora jelas amarga akèh-akèhé manggon sacara ora sah ing Yunani.


Pamérangan administratif[sunting | Owah sumber]

Sacara administratif, Yunani dipérang dadi 13 peripheries (region / provinsi), lan dipérang manèh dadi 51 prefectures (nomoi, tunggal nomos). Uga ana siji dhaérah otonom, Mount Athos (otonom) (Agio Oros, "Gunung Suci"), kang wewatesan karo region Makedonia Tengah.

Peta Nomer Periphery Ibukutha Jembar Populasi
GreeceNumberedPerepheries.png
1 Attika Atena 3,808 km² 3,761,810
2 Yunani Tengah Lamia 15,549 km² 605,329
3 Makedonia Tengah Tesalonika 18,811 km² 1,871,952
4 Kreta Iraklio 8,259 km² 601,131
5 Makedonia Wétan lan Trasia Komotini 14,157 km² 611,067
6 Epirus Ioannina 9,203 km² 353,820
7 Kapuloan Ionia Corfu 2,307 km² 212,984
8 Aegean Lor Mytilene 3,836 km² 206,121
9 Peloponnesa Tripoli 15,490 km² 638,942
10 Aegean Kidul Ermoupoli 5,286 km² 302,686
11 Tesalonika Larissa 14.037 km² 753,888
12 Yunani Kulon Patras 11,350 km² 740,506
13 Makedonia Kulon Kozani 9,451 km² 301,522
- Mount Athos (otonom) Karyes 390 km² 2,262

Agama[sunting | Owah sumber]

Pulau Kalymnos

Konstitusi Yunani njamin kabébasan absolut tumrap pilihan agama. Saben warga kang manggon ing tlatah Yunani bakal nikmati lindhungan penuh bab kapercayaan agamané. Najan mangkono, ora ana omah ibadah non-Kristen ing ibukutha, amarga ditentang déning grup Kristen fundamentalis. Minangka tambahan, saben aktivitas kang ana hubungané karo ngadegaké omah ibadah resmi kudu olèh idin saka Gereja Ortodoks lan uga saka pamaréntah sekuler. Miturut konstitusi "agama utama" ing Yunani yakuwi Gereja Ortodoks Timur.

Mayoritas pemeluk agama ing Yunani yakuwi pengikut Gereja Ortodoks Wétan, senajan kauripan keagamaan suda ing taun-taun pungkasan iki. Pemeluk agama Islam kira-kira 1,3% saka populasi, lan pusaté ana ing tlatah Trasia. Ana uga Katulik Roma, umumé ing pulo Cyclades ing Syros, Paros lan Naxos. Pemeluk agama Protestan lan Yahudi umumé manggon ing Tesalonika. Sawetara grup nyoba mangun manèh Hellenisme, Agama Yunani kuno.

Pariwisata[sunting | Owah sumber]

Taun 2004, Yunani ana ing urutan ka-12 minangka tujuan pariwisata internasional. 14,18 yuta turis nekani negara itu, utamané kanggo nyeksèkaké Olimpiade Musim Panas.


Rujukan[sunting | Owah sumber]

Wacan Terusan[sunting | Owah sumber]

  • Richard Clogg, A Concise History of Greece, Second Edition, Cambridge University Press 2002
  • Minorities in Greece - historical issues and new perspectives. History and Culture of South Eastern Europe. An Annual Journal. München (Slavica) 2003.

Uga pirsani[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Saka pamaréntah[sunting | Owah sumber]

Liyané[sunting | Owah sumber]

Peta periphery Yunani Wilayah Administratif ing Yunani Bendera Yunani

Aegean Kidul | Aegean Lor | Attika | Epirus | Kapuloan Ionia | Kreta | Makedonia Tengah | Makedonia Kulon | Makedonia Wétan lan Trasia | Peloponnesa | Tesalonika | Yunani Kulon | Yunani Tengah |


 
Uni Eropah (EU)
Gendéra Uni Eropah

Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yunani&oldid=927641"