Mesolitikum

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Salah sawijining peninggalan zaman mesolitik arupa Abris sous roche.

Mesolitikum (Basa Yunani: mesos "tengah", lithos watu) atau "Zaman Batu Pertengahan" yaiku sawijinig periode ing perkembangan teknologi manungsa, antarane Paleolitik utawa Zaman batu Tua lan Neolitikum utawa Zaman batu Muda. [1]Istilah iki dikenalake dening John Lubbock ing makalahe "Jaman Prasejarah" (basa Inggris: Pre-historic Times) kang diterbike taun 1865.[1] Nanging istilah iki ora patiya digunakake nganti V. Gordon Childe mopulerake ing bukune The Dawn of Europe (1947).[1]

Nalika Jaman masolitikum ing Indonesia, mangsa uripe kaya jaman paleolitikum uaiku ngajak lan nyekel iwak, nanging manungsa ing mangsa kuwi uga mulai duwe papan panggonan rada tetep la cocok tanam sacara prasaja.[2] Papan panggonan kang dipilih umume ing pinggir pante (kjokkenmoddinger) lan guwa-guwa (abris sous roche) mula ing panggona mau akeh ditemokake berkas-berkas kabudayan manungsa ing jaman kuwi.[2]

Kjokkenmoddinger yaiku larahan pawon saka jaman mesolitikum kang ditemokake ing pante wetan Pulo Sumatra.[3] Kedadeyan iki ditliti dening Dr. P. V. van Stein Callenfels taun 1925 lan panaliten kang dianakake, panguripan manungsa wektu kuwi tergantung karo asil anggone golek siput lan kerang amarga tinemu larahan kewan loro mau kang duwure ngancik 7 meter.[3]

Cathetan Suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ a b c Linder, F., 1997. Social differentiering i mesolitiska jägar-samlarsamhällen. Institutionen för arkeologi och antik historia, Uppsala universitet. Uppsala.
  2. ^ a b (Inggris)Susan G. Keates, Juliette Pasveer (2004). Modern Quaternary Research in Southeast Asia, Volume 17: Quaternary Research In Indonesia. Taylor & Francis. ISBN 978-90-5809-674-6.
  3. ^ a b Soekmono R. (1973). Pengantar Sejarah Kebudayaan Indonesia I. Yogyakarta: Kanisius. ISBN 978-979-413-174-9.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mesolitikum&oldid=830727"