Kali Aras

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kali Aras
Kali Aras, Nakhichevan, Azerbaijan ing sisih tengen lan Iran ing sisih kiwa.
Kali Aras, Nakhichevan, Azerbaijan ing sisih tengen lan Iran ing sisih kiwa.
Asal (kali) Provinsi Erzurum, Turki
Muara Kali Kura
Negara-negara Dhaérah Ilèn Turki, Armenia, Iran, Azerbaijan
Dawa 1,072 kilometer (665 mil)
Elevasi Sumber N/A
Elevasi Muara N/A
Rata-rata ili banyu N/A
Tlatah Ilèn N/A

Kali Aras (uga dikenal minangka Araks, Arax, Araxi, Araxes, Araz, utawa Yeraskh; basa Armenia: Արաքս, Farsi: ارس, basa Turki: Aras, Basa Azeri: Araz, Cithakan:Lang-ku; Basa Rusia: Аракс) kuwi sawijining kali kang dumunung ing negara-negara Turki, Armenia, Iran, lan Azerbaijan. Dawané kali watara 1,072 kilometer (665 mil). Amarga dawané lan dhaérah ilèn kang jembaré 102,000 km², kali iki minangka salah siji kang paling gedhé ing tlatah Kaukasus.

Ilèné kali[sunting | Owah sumber]

Kali Aras miwiti saka tlatah cedhak Erzurum, Turki. Kali iki ketemu karo Kali Akhurian ing kidul-wétan Digor, mili sadawaning tapel wates Turki-Armenia, banjur mili sadawaning tapel wates antara Iran lan Nakhichevan sarta wates antara Iran-Armenia. Kali iki sabanjuré mili menyang tapel wates Iran lan Azerbaijan, banjur mlebu Azerbaijan lan gabung karo Kali Kura ing désa Sabirabad. Sawisé kuwi kali iki tumuju Segara Kaspia. Watara 101,937 km² dhaérah ilèn kali iki dumunung ana ing Azerbaijan.

Zangmar, Sariso, Kali Ghotour, Kali Hajilar, Kali Kalibar, Kali Ilghena, Kali Darreh lan Kali Balha minangka anak-anak kali kang utama saka arah kiwa (tengen). Ing Turki Kali Ghareso mili ing sisih kiwa. Kali Akhurian, Metsamor, Hrazdan, Azat, Vedi, Arpa, Vorotan, Voghdji lan Kali Megri gabung saka Armenian sisih lor (kiwa). Kali Khachin, Kali Okhchi, Kali Kuri lan Kali Kandlan gabung saka Azerbaijan sisih lor (kiwa).[1]

Cathetan sikil[sunting | Owah sumber]

  1. ^ http://www.unece.org/env/epr/studies/armenia/chapter08.pdf (2001) "Chapter 8: Management of Water Resources and Quality" Environmental Performance Review of Armenia United Nations Economic Commission for Europe]
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kali_Aras&oldid=938046"