Jersey

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bailiwick of Jersey
Bailliage de Jersey
Gendéra Jersey Lambang Jersey
Lokasi Jersey
Basa resmi Inggris, Perancis, Jerriais (basa regional)
Ibukutha Saint Helier
Wakil Gubernur lan Kepala Komandan Sir John Cheshire
Bailiff Sir Philip Bailhache
Mata uang Pound Jersey (setara karo Pound Sterling)
Zona wektu UTC
Lagu kabangsan Ma Normandie,
God Save the Queen
Dina nasional 9 Mei: Dina Kabebasan
TLD .je
Kode telepon +44-1534

Jersey (Jerriais: Jèrri) kuwi sawijining dependensi makutha Britania Raya kang nduwèni status bailiwick (sajinis dhaerah kakuwasan) ing lepas pesisir Normandia, Perancis. Saliyané Pulo Jersey, bailiwick iki uga dumadi saka pulo ora ana pedunungé Minquiers lan Ecrehous. Jersey, bebarengan karo Bailiwick Guernsey, dadi Kapuloan Channel. Britania Raya nduwé tanggungjawab tumrap pertahanan pulo-pulo iki. Nanging Jersey dudu bagéyan saka teritorial Britania utawa Uni Eropah, ananging kepemilikan kapisah the Crown.

Sajarah[sunting | Owah sumber]

Jersey dianeksasi déning William Longsword, pemimpin Duchy Normandia, taun 933. Katurunané, William si Penakluk, nguwasani Inggris ing taun 1066 kang ngakibatké Duchy Normandia lan krajaan Inggris dipimpin jroning siji wangun pamaréntahan monarki. Raja Yohanes kélangan kabè wilayahé ing Normandia dharatan taun 1204 marang Raja Perancis, nanging tetep nguasani Kapuloan Kanal kang wiwit wektu iku nduwèni status pamaréntahan sendiri.

Jersey diduduki déning Nazi Jerman saka 1 Mei 1940 nganti 9 Mei 1945 samangsa Perang Dunia II.

Geografi[sunting | Owah sumber]

Jembar Pulo Jersey yakuwi 118,2 km² kang dumunung ing Selat Inggris, watara 22,5 km saka Semenanjung Cotentin ing Normandia, Perancis. Pulo iki minangka pulo kang paling gedhé lan paling kidul ing Kapuloan Channel.

Ekonomi[sunting | Owah sumber]

Ekonomi Jersey gumantung marang layanan finansial, pariwisata, internet lan tetanèn. Pajak pertambahan nilai (PPN) ora ana ing pulo iki, saéngga rega barang méwah kerep luwih murah tinimbang ing Inggris. Tanggal 13 Mei 2005, parlemen Jersey nyetujoni diberlakukannya pajak barang lan jasa kapétung wiwit taun 2008.

Produk pertanian paling akèh yakuwi kenthang lan susu.

Demografi[sunting | Owah sumber]

Watara 50% populasi Jersey dudu pedunung pribumi. 30% populasi kakonsentrasi ing Saint Helier, siji-sijiné kutha ing Jersey. Saka 88.000 pedunung, 40%-né katurunan Jersey/Norman lan 40% liyané katurunan Britania. Klompok minoritas paling gedhé yakuwi wong Britania, Portugal (utamané wong Madeira), Irlandia lan Polandia. Komunitas Perancis uga ana ing kana.

Sebagéyan gedhé pedunung asli Jersey nganggep dhiriné warga Britania lan ngregani hubungan khusus antara Makuthta Britania lan Jersey.

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]


 
Kapuloan Kanal
Bailiwick Jersey: Flag of Jersey.svg Jersey | Les Minquiers | Les Ecrehous | Pirres de Lerq | Les Dirouilles
Bailiwick Guernsey:

Alderney | Flag of Guernsey.svg Guernsey | Flag of Sark.svg Sark | Brecqhou | Burhou | Casquets | Herm | Jethou | Lihou | Ortac | Crevichon | Les Houmets

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jersey&oldid=812824"