Hongaria

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Magyar Köztársaság
Lagu kabangsanHimnusz (Isten, áldd meg a magyart)
Ibu kutha
and largest city
Budapest
Basa resmi Hongaria
Pamaréntahan Republik demokratis
Didirikan
 -  Banyu (%) 0,74%
Pedunung
 -  2006 estimate 10.070.000 (82)
 -  2001 census 10.198.315
PDB (KKB) 2005 estimate
 -  Total US$162.289 juta (49)
 -  Per capita US$16.627 (43)
Valuta Forint (HUF)
Zona wektu CET (UTC+1)
 -  Summer (DST) CEST (UTC+2)
Kodhe tilpun 36
Internet TLD .hu
Peta Hongaria

Republik Hongaria iku sawijining negara ing bawana Éropah. Pedunungé cacahé kira-kira ana 11 yuta. Ibu kuthané iku Budapest. Negara iki wewatesan karo Austria ing sisih kulon, Slowakia ing sisih lor, Ukraina ing sisih wétan, Rumania ing sisih kidul-wétan lan Kroasia sarta Serbia ing sisih kidul. Jroning basa saenggon, negara iki dikenal minangka Magyarország sing tegesé dhaérah Magyar. Hongaria mbentuk kumpulan Visegrád bebarengan karo Polandia, Slowakia lan Republik Ceko.

Sajarah[sunting | Owah sumber]

Artikel utama: Sajarah Hongaria

Ing mangsa Kekaisaran Romawi, wong-wong Romawi ngarani wilayah iki Pannonia (sisih kulon Kali Danube). Sawisé Roma klebon suku-suku Jermanik lan tekanan saka bangsa Karpia, Periode Migrasi terus nekakaké akèh penyerang. Wiwitan teka wong-wong Hun, sing mbangun sawijining imperium sing kuwat ing sangisoring Attila. Jeneng "Hongaria" manawa kaprabawan dening bangsa Hun, senadyan manawa jeneng iki asal saka jeneng aliansi Turkis ing abad kaping-7 sing disebut Onogur. Sawise pamarintahan wong-wong Hun memudar, suku-suku Jermanik liyane yaiku wong-wong Lombardi lan Gepid kuwasa ing Pannonia sajroning watara 100 taun. Ing mangsa iku uga suku-suku Slavia wiwit migrasi mangidul. Ing taun 560-an, banjur digantekake dening Avar sing kuwasa ing negri iku rong abad suwene. Wong-wong Prancis ing sangisoring Charlemagne saka kulon lan wong-wong Bulgar saka kidul-wetan wusanane kasil nggulingake wong-wong Avar ing wiwitan abad ka-9. Sabanjure wong-wong Frankia mundur, lan karajan Slavonik Moravia Raya sarta Kepangeranan Balaton nguwasani saperangan gedhe Pannonia nganti pungkasan abad iku. Wusanane bangsa Magyar migrasi menyang Hungaria ing pungkasan abad ka-9.

Wilayah[sunting | Owah sumber]

Artikel utama: Wilayah ing Hongaria

Sacara administratif Hongaria kapérang dados 19 kabupatèn. Nanging sanesipun punika, wonten setunggal ibukutha (főváros): Budapest. Wonten 23 kabupatèn kutha (wangun tunggal: megyei jogú város) ing Hongaria, inggih punika:

Kabupaten kota Kabupaten (Ibu kota kabupaten)

Delengen uga[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikivoyage   Pirsani pandhuan wisata Hongaria ing Wikivoyage

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Hongaria&oldid=931119"