Mèksiko

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Meksiko)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Mexihco Tlacetililli Tlahtohcayotl
Motto: 
Lagu kabangsanMexicanos, al grito de guerra
Ibu kutha
and largest city
Ciudad de México
Basa resmi Spanyol
Pamaréntahan Republik federal
Kamardikan
 -  Banyu (%) 2,5%
Pedunung
 -  2006 estimate 107.127.013 (11)
 -  2004 census 104.959.590
PDB (KKB) 2005 estimate
 -  Total US$1.005 miliar (13)
 -  Per capita US$9.666 (66)
Valuta Peso (MXN)
Zona wektu (UTC-8 nganti -6)
 -  Summer (DST)  (UTC-7 nganti -5)
Kodhe tilpun 52
Internet TLD .mx
Piramid ing kuil Maya, Yucatan

Negara-Negara Mèksiko Sarékat utawa Mèksiko (basa Aztec Mexihco Tlacetililli Tlahtohcayotl; basa Spanyol: Estados Unidos Mexicanos utawa Mexihco, México) kuwi sawijining negara kang dumunung ing Amérika Lèr, wewatesan karo Amérika Sarékat, Guatemala lan Belize ing sisih kidul-wétan, Samudra Pasifik ing sisih kulon, lan Teluk Mèksiko lan Segara Karibia ing sisih wétan. Negara iki minangka negara paing gedhé katelu ing Amérika Latin lan uga negara kang paling akèh nagnggo basa Spanyol. Jeneng negara iki dijupuk saka jeneng ibu kuthané, kang asalé saka jeneng ibu kutha kuno Aztec yaiku Mexico-Tenochtitlan. Mexi kuwi sebagéyan jeneng Mexitli, yaiku jeneng déwa perang, déné co maknané panggonan lan ca maknané wong.

Sajarah[sunting | Owah sumber]

Artikel utama: Sajarah Mèksiko

Sajroning amèh 3.000 taun, Mèksiko dadi panggonan sawetara peradaban maju kayadéné peradaban Amerindian, Maya lan Aztec. Tekané panjajah Spanyol pimpinan Hernan Cortes ing wiwitan abad ka-16, lan kamenangané saka kaum Aztec ing taun 1521, nandhani wiwité éra koloni Mèksiko minangka Spanyol Anyar.

Tanggal 15 September 1810, kamardikan saka Spanyol dinyatakaké déning Miguel Hidalgo y Costilla ing Dolores yaiku sawijining kutha cilik. Bab iki dadi titik wiwitan paprangan kamardikan sing dikenali minangka Perang Kamardikan Mèksiko sing rampung kanthi asil kamardikan ing taun 1821 lan pambentukan Kekaisaran Mèksiko sing sepisanan.


Daerah[sunting | Owah sumber]

Mèksiko dumadi saka 31 negeri utawa estados lan Daerah Persekutuan Meksiko utawa Distrito Federal. Kawasan Metropolitan Kutha Mèksiko, klebu ing Daerah Persekutuan lan kawasan tapel watesé, minangka kutha kang nduwèni pedunung palin padhet ing donya.

Kutha-kutha gedhé[sunting | Owah sumber]

Ing ngisor iki daftar kutha gedhé ing Mèksiko diurut miturut populasiné:

  1. Mexico City, Distrito Federal (22 yuta)
  2. Guadalajara, Jalisco (4,7 yuta)
  3. Monterrey, Nuevo León (3,6 yuta)
  4. Puebla, Puebla (2,6 yuta)
  5. Ciudad Juárez, Chihuahua (1,8 yuta)
  6. Tijuana, Baja California (1,5 yuta)
  7. León, Guanajuato (1,2 yuta)
  8. Toluca, México (1,2 yuta)
  9. Torreón, Coahuila (1,1 yuta)
  10. Mexicali, Baja California (0,9 yuta)
  11. San Luis Potosí, San Luis Potosí (0,8 yuta)
  12. Mérida, Yucatán (0,8 yuta)
  13. Santiago de Querétaro, Querétaro (0,8 yuta)
  14. Aguascalientes, Aguascalientes (0,7 yuta)
  15. Cuernavaca, Morelos (0,7 yuta)
  16. Chihuahua, Chihuahua (0,7 yuta)
Peta Meksiko


Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mèksiko&oldid=932735"