Namibia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Republic of Namibia
Motto: Unity, Liberty, Justice
(Inggris: "Persatuan, Kabebasan, Keadilan")
Lagu kabangsanNamibia, Land of the Brave
Ibu kutha
and largest city
Windhoek
Basa resmi Inggris1
Pamaréntahan Republik
Kamardikan
 -  Banyu (%) bisa dihiraukan
Pedunung
 -  2006 estimate 1.830.330 (141)
 -  - census -
PDB (KKB) 2005 estimate
 -  Total US$13,35 miliar (127)
 -  Per capita US$6.449 (91)
Valuta Dolar (NAD)
Zona wektu (UTC+1)
 -  Summer (DST)  (UTC+2)
Kodhe tilpun 264
Internet TLD .na

Republik Namibia kuwi sawijining negara ing Afrika bagéyan kulon-lor, ing pesisir Atlantik. Negeri iki wewatesan karo Angola lan Zambia ing sisih lor, Botswana ing sisih wétan, lan Afrika Kidul ing sisih kidul. Namibia mardika saka Afrika Kidul taun 1990 saéngga dadi salah siji negara paling enom ing donya. Ibu kuthané yakuwi Windhoek.

Namibia kapérang dadi 13 wilayah: Caprivi, Erongo, Hardap, Karas, Kavango, Khomas, Kunene, Ohangwena,Omaheke, Omusati, Oshana, Oshikoto, lan Otjozondjupa.

Sajarah[sunting | Owah sumber]

Jeneng negara iki njupuk saka jeneng segara wedhi Gurun Namib, sing dianggep segara wedhi paling tuwa ing donya.[1] Sadurungé kamardikan ing taun 1990, tlatah iki ditepungi minangka Afrika Kidul-kulon Jerman (Deutsch-Südwestafrika), banjur Afrika Kidul-kulon, nuduhaké panjajahan kolonial Jerman (sacara tèknis makili Kakaisaran Inggris).

Dhémografi[sunting | Owah sumber]

! Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Demografi Namibia.

Watara 75% rakyat Namibia manggon ana ing padésan lan 25% manggon ing dhaerah urban utawa ing kutha.[2] Ètnis kulit ireng ana 90% populasi lan wong kulit putih sekitar 7%.[2] Klompok masarakat kulit ireng Namibia kapérang dadi pirang-pirang klompok etnis. Populasi kang paling gedhé ya iku suku Ovambo.[2] Suku Ovambo duwèni persèntase ngancik separo populasi Namibia.[2] Wong-wong mau manggon ing bageyan lor, cedhak tapel wates karo Angola kang diarani Ovamboland utawa Ovambo.[3] Suku-suku kang manggon ing dhaérah lor liyané ya iku Kavango, kang manggon ana ing panggonan saubengé Kali Okavango.[3] Suku Caprivi manggon ing sisih wétan.[3] Déné suku Damara lan Herero manggon ing tlatah sisih tengah Namibia.[3] Suku Bushmen (San) lan Tswana manggon ing dhaérah tapel wates sisih wetan.[3] Rong klompok masarakat kang campuran diarani Suku Baster lan Suku Nama manggon ing sisih kidul.[3] Wong kulit putih Namibia yaiku wong saka Afrika Kidul ya iku ètnis keturunan Walanda, Inggris lan Jerman.[3]

Rujukan[sunting | Owah sumber]

  1. ^ Namib desert (AT1315) World Wide Fund for Nature site on the Namib Desert
  2. ^ a b c d The World Book Encyclopedia. World Book, Inc. 2006. pp. 7. ISBN 0-7166-0106-0.
  3. ^ a b c d e f g The World Book Encyclopedia - N, Volume 14. World Book, Inc., USA. 1986. pp. 8a. ISBN 0-7166-0086-2.

Delengen uga[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikivoyage   Pirsani pandhuan wisata Namibia ing Wikivoyage

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Namibia&oldid=869646"