UNHRC

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Dhéwan Hak Asasi Manungsa PBB (UNHRC) iku sawijining organisasi penerus Komisi Hak Asasi Manusia PBB ing PBB.

Ing tanggal 15 Maret 2006 Majelis Umum PBB nganakaké voting kanggo nyiptakaké organisasi hak manungsa anyar, senadyan ana panentangan saka Amérika Sarékat. Dhéwan Hak Manungsa nduwèni anggota 47 negara iki bakal ngganti Komisi Hak Manungsa sing anggotané 53 negara. Badan hak manungsa sing anyar iki disetujoni déning 170 anggota saka 190 anggota. Papat negara nentang pambentukan Dhéwan, yaiku Amérika Sarékat, Kapuloan Marshall, Palau, lan Israel) lan telu negara abstain, yaiku Belarus, Iran, lan Venezuela. Kapapat negara sing nentang nyatakaké yèn Dhéwan anyar iki nduwèni kakuwasan luwih akèh lan ora nduwé pangreksan sing cukup kanggo nyegah negara sing nglècèhaké HAM bisa ngontrol Dhéwan. [1]

Pamilihan anggota[sunting | Owah sumber]

Pamilihan anggota Dhéwan HAM PBB diayahi Selasa, 9 Mei 2006, wektu Amérika Sarékat ing Gedung Markas Besar PBB, New York.

Ana 63 negara sing nyalonaké dhiri supaya bisa lungguh ing Dhéwan HAM sing anggotané 47 negara. Saliyané Indonesia, kanggo kawasan Asia sing éntuk jatah 13 kursi, anggota kapilih liyané yakuwi Banglades, Jepang, Malaysia, Pakistan, Korea Kidul, Cina, Jordania, Arab Saudi, lan Sri Lanka. Sauntara negara-negara Asia sing gagal kapilih yakuwi Iran, Irak, Kirgistan, Lebanon, Thailand.

Kapilihé Indonesia minangka anggota badan HAM anyar PBB éntuk dhukungan 165 negara saka 191 negara anggota PBB. Jroning pangundian, Indonesia lan India mung éntuk mangsa jabatan setaun. Déné Malaysia, Jordania, lan Arab Saudi éntuk mangsa jabatan telung taun.

Pranala njaba[sunting | Owah sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab UNHRC ing Wikimedia Commons.


Perserikatan Bangsa-Bangsa Gendéra PBB

Sistem PBB
Sidang Umum | Dewan Keamanan | Dewan Ekonomi dan Sosial
Dewan Perwalian | Sekretariat | Mahkamah Internasional

Resolusi PBB
Resolusi Sidang Umum | Resolusi Dewan Keamanan

Program lan Agensi
FAO · ICAO · ILO · IPCC · ITU · UNCTAD · UNDCP · UNDP · UNEP · UNESCO · UNFIP · UNFPA · UNHCR · UNHRC · UN-HABITAT · UNICEF · UNRWA · UPU · WFP · WHO · WMO

Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=UNHRC&oldid=822813"