Rini Mariani Soemarno Soewandi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Rini Mariani Soemarno Soewandi
100px
Mantri Badan Usaha Milik Negara Indonesia ke-7
Wiwit linggih
27 Oktober 2014
Présidhèn Joko Widodo
Kang sadurungé Dahlan Iskan
Mantri Perindustrian lan Perdagangan Indonesia
Linggih
10 Agustus 2001 – 22 Oktober 2004
Présidhèn Megawati Soekarnoputri
Kang sadurungé Luhut Binsar Panjaitan
Kang sawisé Mari Elka Pangestu
Andung A. Nitimiharja
Rerincèn dhiri
Lair (1958-06-09) Juni 9, 1958 (umur 61)
Amérika Sarékat Maryland, AS
Bangsa  Indonesia
Sisihan Soewandi (cerai)
Alur Ongki P. Soemarno (Adik)
Anak 3
Almamater

Wellesley College, Massachusetts,

Amérikah Sarékat
Profési Pangamat ékonomi, Komisaris Aora TV
Agama Islam

Rini Mariani Soemarno Soewandi (lair ing Maryland, Amérikah Sarékat, 9 Juni 1958; umur 61 taun) inggih punika Mantri Paindhustrian lan Perdangan ing Kabinet Gotong Royong.[1] Rini punika lulusan sarjana ékonomi lulusan taun 1981 saking Wellesly College, Massachusetts, Amérikah Sarékat.[1] Rini mapan ing Amérikah Sarékat ngantos yuswanipun tigang taun, amargi ramanipun nyambut damel ing Amérikah Sarékat.[1] Panjenenganipun naté sekolah ing Jakarta.[1] Nalika yuswanipun sedasa taun, Rini ndhèrèk ramanipun dhateng Walanda.[1] Taun 1982, sasampunipun nyambut damel ing Departemen Keuangan Amérikah Sarékat, Rini kondur malih dhateng Indonesia lan nyambut damel ing Citibank Jakarta ngantos panjenenganipun njabat dados Vice President ingkang nandhangi Divisi Coorporate Banking, Marketing, lan Trainning.[1] Taun 1989 panjenenganipun pindhah dhateng PT. Astra Internasional lan ing taun 1990 panjenenganipun pinitados kanggé njabat minangka dhiréktur Keuangan Astra Internasional.[1]

Nalika taun 1998, Rini pinitados dados asisten babagan gayutan ékonomi kauangan internasional déning Fuad Bawazier ingkang njabat mantri kauangan nalika wekdal samanten.[1] Taun 1998, pamaréntah ugi ndadosaken Rini dados Wakil Ketua Badan Penyehatan Perbankan Nasional (BPPN).[1] Présidhén Megawati Soekarnoputri maringi amanah dhateng Rini supados njabat dados Mantri Perindustrian lan Perdagangan Kabinèt Gotong Royong, dipunlantik 9 Agustus 2001.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i Rini Mariani Soemarno Soewandi dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2011)
  2. Rini Mariani Soemarno Soewandi Kesederhanaan dan Keberuntungan Tidak Melupakan Akar dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2011)

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Rini Mariani Soemarno Soewandi