Républik Irlandia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Republik Irlandia)
Éire
Ireland
Gendéra Lambang nagara
Antem: Amhrán na bhFiann
Kutha krajan
lan paling gedhé
Dublin
Basa resmi Irlandia, Inggris
Papréntahan Dhémokrasi parlementer
Kamardikan
 •  Banyu (%) 2%
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2007 4.339.00
 •  Cacah sirah 2006 4.239.848
GDP  (PPP) Rantaman 2006
 •  Gunggung US$177,2 miliar (50)
 •  Per kapita US$45.600 (8)
GDP  (nominal) Rantaman 2006
 •  Gunggung US$202,9 milyar (30)
 •  Per kapita US$50.150 (5)
Valuta Euro 1 (EUR)
Kodhé bèl 353
TLD Internèt .ie
1. Mata uang sebelum 1999 ialah Pound.

Républik Irlandia iku nagara ing banawa Éropah. Padunungé cacahé kira-kira ana 4 yuta. Kutha krajanné iku Dublin. Nagara iki ing sisih lor awatesan karo Irlandia Lor. Populasi Irlandia luwih saka 4 yuta jiwa lan klebu anggota Uni Éropah. Wewengkon Pulo Irlandia sing ora klebu republik iki diduwèni déning Irlandia Lor, bagéan saka Britania Raya.

Sajarah[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sajarah Irlandia

Tanggal 29 Desember 1937, prajanjèn sing ngakoni kamardikan Républik Irlandia ditapakasmani déning pamimpin Irlandia Kidul lan pamaréntah Britania Raya. Nanging, kanthi alesan isih ana Perang Donya II, Inggris ora nglaksanakaké isi prajanjèn kasebut. Sawisé perang rampung, ing taun 1949, rakyat Irlandia kidul sing mayoritas umat Katulik, ngumumaké sacara resmi kamardikan saka Britania Raya. Kamardikan iki kasil direngkuh sawisé rakyat Irlandia sajroning wolung abad berjuang nglawan Britania Raya.

Geografi[besut | besut sumber]

Artikel utama: Geografi Irlandia

Républik Irlandia nyakup tlatah 70.273 km² utawa 83% saka jembaré Pulo Irlandia ing sisih kidul, lan sisané arupa wewengkon Irlandia Lor. Tapelwatesé sisih kulon karo Samudra Atlantik, déné sisih wétan Segara Irlandia sing kasambung karo samudra liwat Selat St. George lan Segara Keltik. Pesisir kulon Irlandia dumadi saka tebing, bukit, lan gunung cilikl. Bagéan jeroné diliwati werna-werna kali, salah sijiné ya iku Kali Shannon. Kutha-kutha ing Irlandia antara liya Dublin, Cork, Galway, lan Limerick.

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]

 Uni Éropah