Amérika Sarékat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
United States of America
Bendéra A.S. Lambang A.S.
(Gendéra A.S.) (Lambang A.S.)
Motto
(1776 - ): E Pluribus Unum
(basa Latin: "Saka akèh dadi siji")
(1956 - ): In God We Trust
(basa Inggris: "Kita Pasrah Marang Gusti")
LocationUSA.png
Basa resmi Basa Inggris
Kutha krajan Washington, DC
Kutha paling gedhé New York City
Presidhèn Barack Obama
Wewengkon
 - Total
 - % banyu
Urutan kaping 4
9.826.630 km²
4,875%
Padunung
 - Total (2004)
 - Kapadhetan padunung
Urutan kaping 3
293.027.570
32/km²
Kamardikan
 - Proklamasi
 - Diakoni
Perang Revolusi A.S.
4 Juli 1776
3 September 1783
PDB
 - Total (2003)
 - PDB/kapita
Urutan 1, 1, 2, 7
$13.049 trilyun ([1])
$36.010
Valuta Dolar AS (US$)
Zona wektu UTC -5 nganti UTC -11
Lagu kabangsan "The Star-Spangled Banner"
TLD .gov, .edu, .mil, .us, .um
Kodhe telpon +1
Peta geografis Amérikah Sarékat

Amérikah Sarékat (basa Inggris: United States of America) utawa biasané dicekak dadi AS iku nagara fédheral sing wewengkoné ana ing Amérikah Lor lan Oséania. Ditilik saka padunungé, nagara iki sing paling gedhé kaping telu sadonya sawisé Républik Rakyat Cina lan India. Kutha krajan Amérikah Sarékat ya iku Washington, DC. Amérikah Sarékat iku nagara adidaya. Nagara fédheral iki kasusun saka 50 nagara perangan. Saka 50 nagara bagéan iki, loro papané ana ing dharatan, banjur saiki minangka èksklav ing sisih lor lan siji iku laladan kapulowan. Saliyané iku Amérikah uga nduwé jajahan: Puerto Riko, Guam, Samoa Amérikah, Kapuloan Mariana Lor, lan Kapuloan Virgin.

Amérikah Sarékat nduwé padunung 300 yuta jiwa.

Pulitik[besut | besut sumber]

Amérikah Sarékat iku nagara dhémokrasi konstitusional kanthi sistem three-tier lan institusi kehakiman kang bebas. Ana telung tataran ya iku tataran nasional, nagara bagéyan lan pamaréntahan lokal yang duwèni badan legislatif sarta eksekutif kanthi bidhang kuwasa dhéwé-dhéwé. Nagara iki migunakaké sistem persekuthuan utawa federalisme ya iku arupa pambagéan kakuwasan ing antara nagara pusat lan nagara bagéyan. Nagara pusat kuwasa marang sawetara prakara kayata pancithakan dhuwit sarta kawicaksanan pertahanan. Nanging, nagara-nagara bagéyan kuwasa nemtokaké hak lan undhang-undhang dhéwé-dhéwé kayata hak ngguguraké bayi lan ukuman maksimal jroning undhang-undhang.

Siji èlemèn kang cetha ing Amérikah ya iku dhoktrin pambagéan kuwasa. Pasal 1 nganti 3 Konstitusi Amérikah, wis nggarisaké sacara rinci bab kuwasa-kuwasa Nagara kang utama ya iku eksekutif, legislatif dan kehakiman. Checks and Balances utawa kontrol lan kaseimbangan minangka siji ciri utama jroning nagara Amérikah lan bab iki komplit banget saéngga ora ana siji cabang nagara kang duwé kuwasa mutlak kanggo ngawal cabang kakuwasan liyané.

Ing nagara iki kabèh rakyat kang umuré wis ngancik 18 taun duwé hak milih. Pemilu kanggo pamilihan presidhèn dianakaké saben patang taun sepisan lan sing pungkasan ya iku ing sasi November 2004.

Saliyané Pemilu kanggo milih presidhèn, ana uga Pemilu paruh wektu, kang dianakaké ing pertengahan mangsa jabatan presidhèn. Jroning pemilu iki kang dipilih dudu presidhènn nanging kabèh anggota Dewan Perwakilan lan saprotelon senator saka saben nagara bagéan. Pemilu iki pungkasan dianakaké ing tanggal 7 November 2006.

Pamérangan administratif[besut | besut sumber]

Nalika nyatakaké kamardikan Amérikah Sarékat, telulas koloni owah dadi nagara-nagara bagéyan. Wiwitané nagara-nagara bagéyan iki nyawiji minangka sawijining persekuthuan nanging banjur dadi nagara kang nyawiji. Taun-taun sabanjuré, cacahing nagara bagéyan tansaya tambah kanthi mlebuné nagara-nagara bagéyan ing tlatah kulon, panukon lemah lan pamekaran sawetara nagara-nagara bagéyan kang wis ana. Saben nagara bagéyan dipérang jroning counties (kayadéné kabupatèn), cities (kayadéné kuthamadya utawa kutha otonom) lan townships (kayadéné kacamatan).

Amérikah Sarékat uga nduwèni laladan federal, Washington, DC, lan tanah jajahan kayataPuerto Riko, Samoa Amérikah, Guam lan Kapuloan Virgin.

Geografi[besut | besut sumber]

Amérikah Sarékat iku nagara paling gedhé nomer-3 ing donya. Kahanan geografiné manéka warna banget:

Uga duwèni iklim werna-werna gumantung kahanan geografis, wiwit saka iklim tropis (panas lan garing ing mangsa panas, anget ing mangsa anyep) ing Florida nganti tundra (anyep sadawaning taun) ing Alaska. Sebagéan nagara iki nduwèni mangsa panas kang anget lan mangsa salju kang anyep. Sawetara bagéan AS, kayata bagéyan California, nduwèni iklim Mediterrania.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Situs resmi pamaréntah[besut | besut sumber]

Liyané[besut | besut sumber]