Thailand

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Thailand
ราชอาณาจักรไทย
Ratcha Anachak Taek

Bendera Thailand
Lambang Thailand
Gendéra Lambang

Lagu kabangsan: Phleng Chat

Thailand

Ibu kutha Bangkok
Kutha paling gedhé Bangkok

Basa resmi Basa Thai

Didegaké Kamardikan
- Kerajaan Sukhothai 1238–1368
- Kerajaan Ayutthaya 1350–1767
- Kerajaan Thonburi 1767 nganti 7 April 1782
- Kerajaan Ratanakosin 7 April - ???

Wangun Pamaréntah Monarki konstitusional
- Raja Raja Bhumibol Adulyadej
- Perdana Menteri Prayut Chan-o-cha

Koordinat 13°44′ LU, 100°30′ BT
Wilayah 49
- Total 514.000 km²
198,115 sq mi
- Banyu 0,4%

PDB (PPP) 2005 (prakiran)
- Total $560,7 milyar (21)
- Per kapita $8.300 (69)

Penduduk September 2006
- Total 64.700.000 (19)
- Kapadhetan penduduk 126/km² (80)
HDI (2004) 0,784 (medium) (72)

Valuta ฿ Baht

Zona wektu UTC +7

Internet TLD .th
Kodhe tèlpon + 66

Karajan Thailand (jeneng resmi: ราชอาณาจักรไทย Ratcha Anachak Thai; uga Prathēt Thai), kadhangkala uga disebut Mueang Taek, iku nagara ing Asia Kidul-Wétan sing wewatesan kaliyan Laos lan Kamboja ing sisih wétan, Malaysia lan Lempongan Siam ing sisih kidul, lan Myanmar lan Laut Andaman ing sisih kulon. Thailand biyèn dikenal minangka Siam nganti tanggal 11 Mei 1949. Tembung "Thai" (ไทย) tegesé "kabebasan" ing basa Thailand, nanging uga bisa ngrujuk ing suku Taek, saéngga njalari jeneng Siam isih dipigunaaké ing kalangan wong-wong Thai utamané kaum minoritas Tionghoa.

Sajarah[besut | besut sumber]

Asal Krajan Thai sacara tradhisional kagandhèngaké karo sawijining krajan sing cendhèk umuré, Krajan Sukhothai sing diadegaké ing taun 1238. Krajan iki sabanjuré diterusaké Krajan Ayutthaya sing diadegaké ing tengahan abad ka-14 lan kanthi ukuran luwih gedhé katimbang Sukhothai. Kabudayan Krajan Thai diprabawai déning Tiongkok lan India. Hubungan karo sawetara nagara gedhé Éropah diwiwiti ing abad ka-16 nanging senadyan ngalami tekanan sing kuwat, Krajan Thai tetep tahan minangka siji-sijiné nagara ing Asia Kidul-wétan sing ora tau dijajah déning nagara Éropah, senadyan prabawa Kulon, kalebu ancaman kakerasan, ngakibataké owah-owahan ing abad ka-19 lan anané kalonggaran tumrap pedagang-pedagang Britania.

Sawijining revolusi damai ing taun 1932 nyebabaké diwiwiti monarki konstitusional. Sadurungé dikenal kandthi jeneng Siam, nagara iki ngganti jeneng internasionalé dadi "Thailand" ing taun 1939 lan kanggo sabanjuré, sawisé tau sepisan ngganti manèh menyang jeneng lawas pasca-Perang Donya II. Ing perang kasebut, Krajan Thai sekuthu karo Jepang; ananging nalika Perang Donya II rampung, Krajan Thai dadi sekuthu Amérika Sarékat. Sawetara kudeta kjedadéyan jroning taun-taun sawisé rampung perang, nanging Krajan Thai wiwit owah dadi nagara dhémokrasi wiwit taun 1980-an.

Kalèndher Krajan Thai didhasaraké ing Taun Buddha, sing luwih cepet 543 taun katimbang kalèndher Kulon. Taun 2000 Masehi padha karo taun 2543 jroning kalèndher Krajan Thai.

Ing 26 Desember 2004, pesisir kulon Krajan Thaiditerjang tsunami sing dhuwuré 10 mèter sawisé anané lidhu Samudra Hindhia 2004, niwasaké 5.000 jiwa ing Krajan Thai, lan setengahé arupa wisatawan.

Ing wiwitan 2005 ana sawijining tragedi ing Krajan Thai Kidul sing nduwèni populasi mayoritas Muslim. Watara 70 jiwa tiwas akibat kakerasan déning rezim Shinawatra. Akèh nagara sing ngecam tragedki iki. Nanging jroning pamilihan kepala pamaréntahan, Thaksin Shinawatra mrintah manèh nagara iki kanggo patang taun sabanjuré.

Ékonomi[besut | besut sumber]

Sawisé nikmati rata-rata tuwuhinhg ékonomi paling dhuwur ing donya wiwit taun 1985 nganti 1995 - rata-rata 9% per taun - tekanan spekulatif sing ningkat marang dhuwit Krajan Thai, Baht, ing taun 1997 nyebabaké krisis kauangan lan meksa pamaréntah ngambangaké Baht. Sawisé dipathok ing aji 25 Baht kanggo satu dolar AS, Baht nggayuh titik paling cendhèk ing kisaran 56 Baht ing sasi Januari 1998 lan ékonominé mudhun nganti 10,2% ing taun sing padha. Krisis iki sabanjuré sumrambah menyang kawasan Asia.

Krajan Thai miwiti babak pemulihan ing taun 1999; ékonominé dadi kuwat watara 4,2% lan tuwuh 4,4% ing taun 2000, arupa asil saka èkspor sing kuwat - sing ningkat watara 20% ing taun 2000. Tuwuhing ékonomi ing taun 2003 dikira-kira 6,3%, lan 8% sarta 10% ing taun 2004 lan 2005.

Sèktor pariwisata mènèhi sumbangan sing gedhé marang ékonomi Krajan Thai. Rawuhé wisatawan ing taun 2002 (10,9 yuta) nuduhaké angka sing mundhak 7,3% saka taun sadurungé (10,1 yuta).

Pamérangan administratif[besut | besut sumber]

Krajan Thai dipérang dadi 76 propinsi (changwat), sing diklompokaké jroning 5 klompok propinsi. Jeneng saben propinsi asal saka jeneng kutha krajan propinsiné.

Lor

Wétan

Kidul

Lor-wétan

Tengah

Peta Krajan Thai karo kutha-kutha wigati.

Propinsi-propinsi kasebut sabanjuré dibagi manèh dadi 795 dhistrik (Amphoe), 81 sub-dhistrik (King Amphoe) lan 50 dhistrik Bangkok (khet) (gunggung nganti taun 2000), lan dibagi-bagi manèh dadi 7.236 komunitas (Tambon), 55.746 désa (Muban), 123 kotamadya (Tesaban), lan 729 dhistrik sanitasi (Sukhaphiban) (gunggung nganti taun 1984).

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Thailand&oldid=1081425"