Islamabad

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Islamabad
اسلام آباد
—  Capital City  —
Clockwise from top: Faisal Mosque, Serena Hotel, Parliament House, Pakistan Monument, Night view of Islamabad, and Prime Minister's Secretariat
Nickname(s): The Green City, Isloo
Islamabad is located in Pakistan
Islamabad
Location within Pakistan
Coordinates: 33°43′N 73°04′E / 33.717°N 73.067°E / 33.717; 73.067Koordinat: 33°43′N 73°04′E / 33.717°N 73.067°E / 33.717; 73.067
Country Flag of Pakistan Pakistan
Territory Flag of Islamabad Capital Territory Islamabad Capital Territory
Constructed 1960s
Pamaréntahan
 • Governing body Capital Development Authority (CDA)
 • Chief Commissioner Tariq Mahmood Pirzada
 • Chairman CDA Imtiaz Inayat Elahi
Wewengkon
 • Capital City 120,00 km2 (5,000 sq mi)
 • Metro 233,00 km2 (9,000 sq mi)
 • Specified area 3.626,00 km2 (140,000 sq mi)
 • Rural area 466,00 km2 (18,000 sq mi)
Highest Èlevasi 1.604 m (5.263 ft)
Lowest elevation 457 m (1,499 ft)
Populasi (2011)[1]
 • Capital City 1.330.000
 • Kapadhetan 880/km2 (2,300/sq mi)
Zona wektu PST (UTC+5)
Postcode 44000
Kodhe tilpun 051
Website www.islamabad.gov.pk

Islamabad (Basa Urdu: اسلام آباد tegesé "Kutha Islam") iku ibu kutha Pakistan. Kutha iki papané ana ing dhataran dhuwur Potohar ing sisih lor-kulon negara iki. Minangka administrative, kutha iki papané ana ing Islamabad Capital Territory utawa "Dhaérah Ibu Kutha Islamabad". Nanging minangka historis, kutha iki bagéyan saka provinsi North-West Frontier lan tlatah Punjab. Islamabad iku kutha sing rélatif anom umuré. Kutha iki binangun ing taun 1960-an kanggo ngganti Karachi sing wis dadi ibu kutha Pakistan wiwit taun 1947. Banjur ing taun 1958, ibu kutha dipindhah ing Rawalpindi sing lokasiné cedhak karo Islamabad lan resmi ing taun 1960, Islamabad dadi ibu kutha Pakistan. Islamabad ing taun 1998 nduwé pedunung 805.235 jiwa. Salah siji obyek wisata sing wigati lan misuwur iku Mesjid Faisal sing disumbang déning Raja Faisal saka Arab Saudi.

Sejarah cekak[sunting | Owah sumber]

Senadyan lagi dibangun ing dasawarsa 1960-an, nanging Islamabad iku papané ana ing tlatah historis ing Pakistan. Ing sisih kulon ana kutha kuna Taxila utawa ing basa Sangskreta Takṣaśila. Saliyané iku tlatah iki papané cedhak karo gapura mlebuné para bangsa ngamanca ing Tanah India.

Mesjid Faisal

Ngalih ibu kutha[sunting | Owah sumber]

Ing pungkasané dasawarsa 1950-an ana rencana mindhahaké ibu kutha saka Karachi ing pesisir menyang kutha anyar sing diarani Islamabad amerga presiden Pakistan kala iku, Ayub Khan nduwèni kekarep supaya pembangunan negara ora namung dipunjeraké ing Karachi waé. Saliyané iku uga ana alesan stratégis, Karachi iku ora gampang dibéla yèn ana perang karo India. Amerga papané ana ing pesisir lan gampang direbut. Béda karo Islamabad sing papané direksa gunung-gunung. Banjur Islamabad papané cedhak karo Markas Besar Angkatan Bersenjata Pakistan ing Rawalpindi. Alesan liyané iku iklim temperatur ing Islamabad luwih kepénak.

Banjur ing taun 1960-an dibangun kutha anyar déning perusahaan arsitektur Yunani Doxiadis Associates. Perusahaan iki banjur ngrancang rencana indhuk kutha sing wujudé segitiga lan binagi sistem kothak-kothak kang pucuké manuju wukir Margalla.

Saiki Islamabad béda karo kutha-kutha liyané ing Pakistan. Organisasiné apik tur rapi. Banjur kutha iki luwih éndhah lan resik tinimbang kutha-kutha liyané.

Geografi[sunting | Owah sumber]

Iklim[sunting | Owah sumber]

Data iklim untuk Islamabad, Pakistan
Sasi Jan Feb Mar Apr Mei Jun Jul Ags Sep Okt Nov Des Taun
Cathetan paling dhuwur °C (°F) 24
(75)
31
(88)
36
(97)
44
(111)
46
(115)
48
(118)
46
(115)
42
(108)
39
(102)
38
(100)
32
(90)
27
(81)
48
(118)
Rata-rata paling dhuwur °C (°F) 16
(61)
19
(66)
24
(75)
31
(88)
37
(99)
40
(104)
36
(97)
34
(93)
34
(93)
32
(90)
28
(82)
20
(68)
29
(84)
Rata-rata paling asor °C (°F) 2
(36)
6
(43)
10
(50)
15
(59)
21
(70)
25
(77)
25
(77)
24
(75)
21
(70)
15
(59)
9
(48)
3
(37)
15
(59)
Cathetan paling asor °C (°F) -4
(25)
-2
(28)
1
(34)
7
(45)
12
(54)
14
(57)
17
(63)
14
(57)
12
(54)
7
(45)
-1
(30)
-3
(27)
-4
(25)
Presipitasi mm (inches) 64
(2.52)
64
(2.52)
81
(3.19)
42
(1.65)
23
(0.91)
55
(2.17)
233
(9.17)
258
(10.16)
85
(3.35)
21
(0.83)
12
(0.47)
23
(0.91)
961
(37,83)
Rata-rata dina 7 6 7 6 4 7 13 10 5 2 1 3 71
Sumber: BBC Weather

Sesrawungan internasional[sunting | Owah sumber]

Kutha kembar[sunting | Owah sumber]

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]

Cathetan suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ (en) [1]
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Islamabad&oldid=813325"