Vakuola

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Vakuola ditedahaké déning nomer 10

Vakuola arupa ruang njero sel sing isiné cuwèran (cell sap mawa basa Inggris). Cuwèran iki ya iku banyu lan manéka dat sing larut ing njeroné. Vakuola ditemokaké ing kabèh sel tetanduran nanging ora ditemoni ing sel kéwan lan bakteri, kejaba ing kéwan uniseluler tingkat asor.

Ing sel godhong diwasa, vakuola ndhominasi sebagéyan gedhé ruang sel saéngga asring sel katon minangka ruang kosong amarga sitosol kadhesek nuju bagéyan pinggiring sel.

Kanggo tetanduran, vakuola duwé peran wigati banget jroning kauripan amarga mekanisme pertahanan uripé gumantung ing kamampuan vakuola njaga konsèntrasi dat-dat kalarut ing njeroné. Prosès alum, upamané, dumadi amarga vakuola kèlangan tekanan turgor ing dinding sel. Jroning vakuola kakumpul uga sebagéyan gedhé bahan-bahan sing mbebayani kanggo prosès metabolisme sajroning sel amarga tetanduran ora duwé sistem ekskresi sing èfèktif kayadéné ing kéwan. Tanpa vakuola, prosès kauripan ing sel bakal mandheg amarga dumadi kaconing reaksi biokimia.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Vakuola&oldid=976818"