Basa Urdu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Basa Urdhu (Urdhu: اردو., IPA: [ˈʊrd̪u]) iku sawijining basa ing Asia Kidul kang kalebu kulawarga Indo-Arya. Basa iki salah siji basa resminé Pakistan. Basa resmi sijiné ya iku basa Inggris. Saliyané iku bsa Urdhu uga dadi basa resmi ing limang praja India. Basa Urdhu kalebu kelompok basa Hindustani lan isih mèmper karo basa Hindhi. Prabédan mligi ya iku basa Urdhu tinulis mawa abjad Arab kamangka basa Hindhi tinulis mawa aksara Déwanagari. Saliyané iku basa Urdhu ngamot akèh tembung-tembung serapan saka basa Arab lan basa Farsi. Kamangka basa Hindhi kang mutakir luwih akèh ngamot tembung-tembung saka basa Sangskreta. Cacahé panutur ibu basa Urdhu ana kurang luwih 65 yuta jiwa.