Monako

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Principauté de Monaco
Gendéra Monako
(Gendéra Monako) (Lambang Monako)
Motto: Deo Juvante
(basa Jawa: Kanthi Pambiantu Saking Pangéran)
Panggonané Monako
Basa resmi Perancis
Ibu kutha Monaco-Ville
Pangeran: Albert II
Mentri Negara: Jean-Paul Proust
Wilayah
 - Total
 - % air
Urutan ka-
1,95 km²
-
Pedunung
 - Total (2000)
 - Kapadetan
Urutan ka-
31.842
16.329/km²
Kamardikan 8 Januari 1297
Mata uang Euro (€)1
Zona wektu
 - dalam EST
CET (UTC+1)
CEST (UTC+2)
Lagu kabangsan Hymne Monégasque
TLD .mc
Kode telepon +377
1 Sebelum 1999: Franc.

Kepangéranan Monako (basa Perancis: Principauté de Monaco utawa Monaco; Monegasque: Munegu utawa Principatu de Munegu) yakuwi sawijining negara-kutha lan negara paling cilik kaloro ing donya, sawisé Vatikan, kang dumunung ana ing antarané Segara Mediterania lan Perancis ing Panté Biru (Côte d'Azur). Monako uga minangka negara kanthi kapadetan pedunung nomer loro ing donya.

Jeneng Monako asalé saka sawijining koloni Yunani ing cedhak kana, Monoikos, kang diadegaké ing abad ka-6 SM déning bangsa Phokida (basa Inggris: Phocis).

Salah sijiné sumber urip ing Monako yakuwi saka sektor pariwisata; saben taun akèh turis kang lunga menyang Monako saperlu main kasino lan golèk cuaca kang nyaman.

Pranala jaba[sunting | Owah sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Monako&oldid=927646"