Valuta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

ĀValuta iku alat pambayaran transaksi ékonomi kang dipigunakaké ing sawijining negara. Kanggo Indonésia, valutané rupiah.

Ing zaman biyèn, manungsa primitif durung migunakaké dhuwit, utawa alat silih ganti. Iki amarga ing wektu iku manungsa bisa nyukupi kabèh pepénginané saka alam sakitaré. Nalika sumber daya alam sing dipigunakaké entèk, banjur padha pindhah lan wiwit migunaaké sumber daya alam sing ana ing sakitaré manèh. Nalika muncul paradaban kuno, manungsa wiwit ngijolaké barangé karo barangé wong liya, sing disebut barter. Banjur sawisé zaman luwih maju, manungsa wiwit migunakaké alat silih ganti, sanajan durung arupa dhuwit. Alat iki disebut dhuwit barang. Sawisé manungsa nguwasani panggunaan tulisan lan huruf, banjur dikenal dhuwit utawa disebut dhuwit kapercayan (uang fiduciair).

Pirsanana uga[sunting | Owah sumber]

Pranala njaba[sunting | Owah sumber]


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Valuta&oldid=814483"